JAWA POS RADAR MADIUN – Reroncen perayaan Imlek utawa taun anyar Cina bakal ditutup tradisi Cap Go Meh.
Tradisi iki biasane dileksanakake ing dina ka-15 sawise ganti taun utawa sawise puncake parayaan Imlek.
Ana kuliner kas sing wis lumrah disuguhake ing tradisi Cap Go Meh, yakuwi lonthog (lontong) Cap Go Meh.
Asal-Usul Lonthong Cap Go Meh
Lonthong Cap Go Meh iki ana sesambungane karo tradisi masyarakat etnis Tionghoa ing Indonesia, kususe ing Semarang lan Surabaya.
Masyarakat Tionghoa ing Tiongkok nikmati bubur putih nalika Cap Go Meh minangka lambang kasederhanaan lan pangarep-arep apik.
Nalika budaya iki digawa menyang tanah Jawa banjur ana panyesuean. Jalaran ing budaya Jawa bubur dianggep panganane wong lara.
Saengga dibiji kurang cocog kanggo ngrayakake dina penting. Minangka gantine menu Nuswantara lonthong dipilih.
Makna lan Filsofi Lonthong Cap Go Meh
Saben elemen ing suguhan lonthong Cap Go Meh duwe makna lan simbol kang jero tumrape etnis Tionghoa.
- Lonthong nglambangake donga kanggo panguripan kang dawa lan santosa. Wujude kaya gulungan kertas sing nglambangake ilmu lan kawicaksanan.
- Opor ayam dadi simbol kasantosan lan kabegjan jalaran pitik (ayam) ing budaya Tionghoa nglambangake kamakmuran.
- Endhog pindhang nggambarake kawitan anyar lan kasampurnan, sing cocog karo semangat taun anyar Cina.
- Sambel goreng ati minangka simbol saka lilane ati ing saben lelakune panguripan ing donya.
- Jangan lodheh labu siyem dipercaya bisa nggawa kasaimbangan utawa kaselarasan ing urip.
- Maneka lawuh iki nglambangake keberagaman lan kebersamaan wujud harmonisasi budaya Tiongkok lan Indonesia.
Kawitane, lonthong Cap Go Meh mung digawe ing omah-omahe kulawarga etnis Tionghoa minangka bagean tradisi.
Nanging tansaya populer lan bisa ditemokake ing warung nganti restoran, utamane neng Jawa Timur, Jawa Tengah lan Jakarta.
Uga bisa dinikmati sawayah-wayah, ora mung ing parayaan Cap Go Meh. Sapa wae ora mung etnis Tionghoa uga bisa nikmati.
Saengga, suguhan iki wis klebu kuliner kas Nusantara minangka bukti akulturasi budaya Tiongkok lan lokal sing tansah kajaga. (*)
Editor : Satmiko Supraptono