Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Kuliner Nyamleng, Rekomendasi Warung Brongkos ing Alun-alun Kidul Jogjakarta Favorite Sri Sultan IX

Satmiko Supraptono • Minggu, 2 Februari 2025 | 19:00 WIB
AREP PINDHAH: Warung Brongkos Handayani Jogja sing legendaris. (DOKUMEN/RADAR JOGJA)
AREP PINDHAH: Warung Brongkos Handayani Jogja sing legendaris. (DOKUMEN/RADAR JOGJA)

JOGJAKARTA, Jawa Pos Radar Madiun – Warung Brongkos Handayani klebu salah siji kuliner legendaris ing Jogjakarta.

Warung sing ana ing kawasan Alun-alun Kidul Jogjakarta iki wis bukak wiwit seket taun kepungkur.

Jujugan kuliner favorit ing Njeron Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat iki wis ngadeg wiwit taun 1975.

Ing warung sing ambane mung 10 meter pesagi iki bakul lan rewange ora nate leren olah-olah kanggo ngladeni pelanggane.

Miturut Tri Suparmi, generasi kaloro sing duwe warung iki, brongkos dadi salah siji kuliner favorite Sri Sultan IX.

Sanajan wis mudhun generasi nanging cita rasane isih panggah mantep. Jalaran warisan bumbune tansah dipertahanake.

Sanajan rega bumbune larang, takerane ora nate disuda. Ana 15 jinis bumbu kanggo ngolah brongkos iki.

Tri Suparmi nerusake usahane wong tuwane iki wiwit 1985. Brongkos Handayani sengaja ora mbukak cabang.

Warung iki bukak saben dina wiwit jam 08.00-16.00. Neng kene nyedyakake brongkos tahu, emdhog, koyot, daging, nganti ayam bacem.

Saliyane kuwi uga nyedyakake sega pecel lan soto ayam. Regane wiwit saka Rp 17.000 saporsi.

Anane rencana Keraton Jogja sing bakal nata kawasan Plengkung Gading, Tri nganggep ora ana masalah.

Jalaran, dheweke wis diwenehi ijin kanggo nggunakake  lemah magersari kanthi nyewa Rp 200.000 setaun.

Dheweke uga wis nyekel sertifikat kekancingan saka Keraton Jogja sing isih ditulis nganggo aksara Jawa.

Editor : Satmiko Supraptono
#Keraton #Plengkung Gading #brongkos #jogjakarta #warung #legendaris #kuliner #alun-alun kidul