KOTA MADIUN, Jawa Pos Radar Madiun – Kereta Api (KA) Madiun Jaya resmi operasional wiwit 1 Pebruari 2025.
KA Madiun Jaya iki beda karo sing nate operasional pirang-pirang taun kepungkur sing relasine mung nganti Jogjakarta.
KA Madiun Jaya anyar iki relasine saka Stasiun KA Kota Madiun nganti Stasiun KA Pasar Senen, Jakarta.
Operasionale KA Madiun Jaya iki uga bebarengan karo Grafik Perjalanan Kereta Api (Gapeka) 2025 sing resmi dilakokake.
Ing Gapeka 2025 iki ana pirang-pirang panyesuean nganti tambahan perjalanan KA lan operasionale KA anyar.
Salah sijine, PT Kerata Api Indonesia (KAI) Daop 7 Madiun ngoperasekake KA Madiun Jaya anyar iki.
Miturut Vice President PT KAI Daop 7 Madiun Suharjono, Gapeka 2025 iki minangka gantine Gapeka 2023.
Sawise Gapeka 2025 resmi operasi, Daop 7 ngoperasekake 68 perjalanan KA penumpang lokal lan jarak jauh.
Operasional perjalanan KA iki ningkat saka 54 perjalanan dadi 68 perjalanan, salah sijine KA Madiun Jaya anyar.
KA Madiun Jaya sing sadurunge (relasi Jogakarta) wis mandheg operasional ing taun 2016 kepungkur diuripake meneh.
Suharjono nyebutake yen KA Madiun Jaya anyar (relasi Pasar Senen, Jakarta) iki duwe sanga rangkaian kereta.
Ing rangkaian kuwi ana loro kereta kelas eksekutif lan nem kereta kelas ekonomi kanthi kapasitas 580 kursi.
KA Madiun Jaya iki nglayani perjalanan mangkat saka Madiun-Pasar Senen, Jakarta, jam 08.00-17.03
Lan sawalike, mangkat saka Pasar Senen-Madiun jam 21.10-06.05. Wektu tempuhe kira-kira 9 jam luwih 3 menit.
KA Madiun Jaya bakal mandheg ing pirang-pirang stasiun. Yakuwi Madiun, Magetan, Walikukun, lan Sragen.
Uga Solo Balapan, Yogyakarta, Kutoarjo, Kebumen, Kroya, Purwokerto, Cirebon, Karawang, Bekasi-Jatinegara, lan Pasar Senen.
Kanthi operasionale KA Madiun Jaya iki, pihake ngarep-ngarep mobilitas masyarakat luwih gampang.
‘’Saliyane kuwi uga kanggo ndhukung pembangunan pariwisata ing tlatah Madiun,’’ kandhane wingi (2/2).
Masyarakat bisa pesen tiket KA Madiun Jaya iki liwat aplikasi Access by KAI utawa laman mitra resmi KAI.
Tiket KA Madiun Jaya iki wiwit Rp 370.000 kanggo relasi Madiun-Pasar Senen lan sawalike. (*)
Editor : Satmiko Supraptono