Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Misteri Loro Wanita Bangsa Lelembut sing Ana ing Stasiun Balapan Kota Solo, Ngene Critane

Satmiko Supraptono • Rabu, 5 Februari 2025 | 22:00 WIB
ILUSTRASI: Stasiun Kereta Api Solo Balapan Kota Solo. (DOKUMEN/SOLO BALAPAN)
ILUSTRASI: Stasiun Kereta Api Solo Balapan Kota Solo. (DOKUMEN/SOLO BALAPAN)

SOLO, Jawa Pos Radar Madiun – Ana pirang-pirang panggonan utawa papan publik sing duwe crita misteri ing Kota Solo, Jawa Tengah.   

Salah siji contone, Stasiun Solo Balapan. Stasiun kereta api (KA) utawa sepur paling gedhe lan paling rame ing Kota Bengawan.   

Kapethik saka pirang-pirang sumber sing diringkes laman Solo Balapan. Ing stasiun iki ana makluk alus alias bangsa lelembut.

Salah siji sosok misteri sing kerep dadi crita gethok tular sabagean masyarakat sakubenge stasiun yakuwi Nyi Peyot.

Konon, jarene crita, Nyi Peyot klebu wanita sekti sing ninggal donya jalaran kesrempet sepur ing  taun 1960-an.

Kanthi kasektene, sosok iki dipercaya duwe kakuwatan ngramal masa depane wong sing ndeleng yen sosok iki lagi ngetok.

Sarate, wong sing weruh sosok Nyi Peyot ketok saka kadohan kudu mburu lan nyedhaki.

Nanging, yeng wis cedhak kudu wani ndeleng kasunyatan kang nggegirisi saka kaanane Nyi Peyot iki.

Jalaran, gambarane Nyi Peyot iki praupane ajur mumur lan loro matane mlothot meh ucul saka panggonane.

Wong sing methuki kudu wani nyawang kaanane kuwi supaya masa depane diduduhake karo Nyi Peyot.

Saliyane Nyi Peyot, uga ana sosok Nyi Minah. Konon, sosok wanita iki biyen bakul jamu sing ninggal donya jalaran bunuh diri.

Konon, jarene, jalaran pedhot atine merga tresnane diblenjani wong Belanda sing nyambut gawe ing stasiun kene.

Sosok iki kerep ngetok lan ngganggu para pegawai stasiun sing kira-kira dianggep minangka kancane wong Belanda pegawai stasiun. 

Kabeh katerangan ing ndhuwur bisa dipercaya uga bisa ora dipercaya. Kabeh bali ing kaimanane dhewe-dhewe.

Sing paling penting tansah ndedonga marang Gusti Kang Maha Kuwasa supaya diparingi kaslametan donya lan akirat.

Uga tansah njaga tindak tanduk kang becik. Jalaran lelembut ora seneng karo wong kang ora duwe unggah-ungguh lan tata krama.

Bangsa lelembut, kaya jin lan sajinise padha-padha makluke Gusti Allah kayadene manungsa sing ora seneng yen diganggu utawa dirusuhi. (*)

Editor : Satmiko Supraptono
#solo #stasiun #lelembut #misteri #belanda #Solo Balapan #madiun #kereta api