SOLO, Jawa Pos Radar Madiun – Kota Solo, Jawa Tengah, duwe akeh panggonan sing duwe sejarah uga nyimpen misteri.
Ora mung panggonan sing wis kondhang wingit, nanging uga panggonan fasilitas publik sing adoh saka kesan mistis.
Salah sijine Terminal Tirtonadi. Terminal bis tipe A iki sasat ora nate sepi mlebu-metune bis lan munggah-mudhune penumpang.
Saliyane kuntilanak, uga ana sosok sirahe wanita praupane pucet duwe siung kuning sing muncul saka kalen kulone terminal.
Uga ana sosok priya sing digambarake awake ajur mumur tanpa sikil lan loro matane mlothot meh coplok.
Sosok lelembut iki kerep metu saka ngisor bis lan ngganggu calon penumpang uga pedagang ing terminal kene.
Uga ana pocong sing kabukak tutup praupane. Konon, pocong iki kerep ngetok ing parkiran sisih mburi lan jedhing.
Ora mung kuwi, sosok nggegirisi liyane uga sok ngetok ing panggonan sing peteng. Ing antarane wong gimbal ngendhat.
Kabeh katerangan ing ndhuwur bisa dipercaya uga bisa ora dipercaya. Kabeh bali ing kaimanane dhewe-dhewe.
Sing paling penting tansah ndedonga marang Gusti Kang Maha Kuwasa supaya diparingi kaslametan donya lan akirat.
Uga tansah njaga tindak tanduk kang becik. Jalaran lelembut ora seneng karo wong kang ora duwe unggah-ungguh lan tata krama.
Bangsa lelembut, kaya jin lan sajinise padha-padha makluke Gusti Allah kayadene manungsa sing ora seneng yen diganggu utawa dirusuhi. (*)
Editor : Satmiko Supraptono