Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Kuliner Nyamleng, yen Lagi Plesiran ing Pantai Gunungkidul Jogjakarta Jajanan Walang Goreng Iki Patut Dicoba

Satmiko Supraptono • Kamis, 6 Februari 2025 | 22:00 WIB
GURIH RENYAH: Pedagang walang goreng ing Jalan Jogja-Wonosari, Gunungkidul. (DOKUMEN/RADAR JOGJA)
GURIH RENYAH: Pedagang walang goreng ing Jalan Jogja-Wonosari, Gunungkidul. (DOKUMEN/RADAR JOGJA)

GUNUNGKIDUL, Jawa Pos Radar Madiun – Sapa wae sing nate plesiran ing Pantai Gunungkidul, Daerah Istimewa Jogjakarta (DIJ) mesthi weruh.

Ing pinggir dalan sadawane jalur utawa akses menyang pantai-pantai ana pirang-pirang lapak cilik sing sok mung ngganggo payung.

Lapak-lapak kuwi nyedyakake walang goreng. Ana sing diwadhahi stoples, ana sing mung diplastiki. Uga ana sing diolah ngenggon.

Miturut dheweke, dagangane tansaya rame ing dina Setu lan Minggu utawa mangsa liburan.

Yen wayah rame, dheweke bisa ngedol rong kilogram walang goreng sedina utawa 35 nganti 40 stoples

Regane Rp 25.000 nganti Rp 30.000 saben stoples sing isine kira-kira saons gumantung jinis (bumbu) olahane.

Miturut dheweke, biyen rata-rata wisatawan sing teka mung pingin ngincipi sithik. Nanging, saiki wis mesthi tuku.

Cita rasa walang goreng iki campuran antarane asin, gurih, lan rada pedhes sing cocog kanggo lawuh sega anget lan sambel.

Jalaran tansaya akeh sing seneng, pirang-pirang pedagang walang padha muncul ing jalur menyang pantai Gunungkidul iki.

Rata-rata wong tuku ora mung dienggo camilan nalika plesiran nanging uga wis dadi oleh-oleh kas saka Gunungkidul.

Walang goreng iki aman dikonsumsi jalaran ngolahe ora sembarangan. Uga ngandhut protein hewani sing dhuwur.

Nanging kanggo sing gila (jijik) karo salah siji jinis kuliner ekstrem iki disaranake ora nyoba jalarane wujude walang isih wutuh.

Semono uga sing alergi karo panganan sing bahan utamane jinis serangga iki disaranake supaya ngendhani. (*)

Editor : Satmiko Supraptono
#wisata #wisatawan #jogjakarta #gunungkidul #Ekstrem #kuliner #madiun #pantai #walang goreng