JAWA POS RADAR MADIUN – Walang goreng wis dadi kuliner kas Kabupaten Gunungkidul, Daerah Istimewa Jogjakarta (DIJ).
Salah siji jinis kuliner ekstrem iki gampang ditemokake ing dalan-dalan sadawane akses tumuju objek wisata pantai neng kene.
Ora akeh wong sing seneng kuliner iki. Sabagean ana sing gila (jijik), sawetara sabagean liyane jalaran alergi.
Kapethik saka pirang-pirang sumber sing diringkes laman Radar Jogja, walang goreng iki jebule migunani tumrap kesehatan.
- Njaga Kesehatan Saraf lan Kognitif
Walang goreng ngandhut vitamin B1 lan B12 sing bisa mbyantu njaga kesehatan saraf, klebu kognitif.
Vitamin B12 duwe peran ing pambentukan mielin, yakuwi lapisan sing bisa nglindungi saraf otak.
- Apik kanggo Sistem Pencernaan
Walang goreng migunani kanggo sistem pencernaan. Jalaran minangka sumber protein sing gampang dicerna awake manungsa.
- Sumber Protein sing Dhuwur
Kandhutan protein ing walang cukup dhuwur, saengga bisa madhani protein saka daging utawa malah bisa ngluwihi. Nanging, yen ngonsumsinya uga akeh.
- Efek Antibakteri
Walang ngandhut senyawa penting sing duwe efek antibakteri. Yakuwi polisakarida utawa kitin sing migunani kanggo nglindungi awak saka serangan bakteri.
- Sumber Anti-Oksidan
Senyawa sing dikandhut walang minangka sumber anti-oksidan kang apik kanggo awak.
Jalaran tingkat stres serangga iki luwih cendhek tinimbang kewan liyane. Habitat lan pola uripe duwe pangaruh ing sumber anti-oksidan.
- Ningkatake Energi
Walang duwe energi luwih akeh tinimbang sereal kaya gandum. Saengga bisa dadi pilihan kanggo nambah energi.
Kadar lemake uga luwih dhuwur tinimbang daging lan iwak. Uga arupa lemak tak jenuh sing luwih nyehatake.
- Mudhunake Kadar Kolesterol
Jalaran kandhutan lemak tak jenuh, ngonsumsi walang bisa mudhunake kadar kolesterol jahat ing njero getih (darah). Saliyane kuwi, ngonsumsi walang uga bisa mbyantu nyuda peradangan.
- Nyehatake Kulit lan Rambut
Walang goreng uga ngandhut nutrisi penting sing bisa mbyantu njaga kesehatan kulit lan rambut. Kandhutan proteine bisa mbyantu ndandani lan nguwatake struktur kulit lan rambut.
- Nyegah Penyakit Kronis
Walang goreng ngandut anti-oksidan, ing antarane beta-karoten lan vitamin E. Saengga bisa nyegah maneka penyakit kronis uga mbyantu njaga kesehatan awak. (*)
Editor : Satmiko Supraptono