Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Misteri Tari Bedhaya Gandakusuma Keraton Yogyakarta sing Nyritakake babagan Teluke Madiun saka Mataram

Satmiko Supraptono • Selasa, 11 Februari 2025 | 16:00 WIB

ILUSTRASI: Tari Bedhaya Gandakusuma Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat. (KRATON JOGJA)
ILUSTRASI: Tari Bedhaya Gandakusuma Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat. (KRATON JOGJA)

JAWA POS RADAR MADIUNAna pirang-pirang tari klasik, sakral lan kebak misteri ing Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat.

Contone Tari Bedhaya. Tari iki ora mung sajinis, nanging ana pirang-pirang. Salah sijine, Bedhaya Gandakusuma.

Kapethik saka laman Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat, iki filosofi lan misteri sing ana sajroning tari kuwi.

Tari Bhedaya Gandakusuma iki nyritakake bab bedhahe utawa teluke (takluk) Kadipaten Madiun saka Mataram.

Uga pethuke Panembahan Senopati saka Mataram karo Retno Dumilah, putri Panembahan Madiun, kang kebag romantisme.

Ana paperangan ing kawitan kabangkitane Mataram nalika Panembahan Senapati nyoba ngambakake wewengkone nganti Madiun.

Paperangan iki dipungkasi kanthi ngluluhake atine Retno Dumilah sing banjur kapundhut garwa Panembahan Senopati.

Mula Tari Bedhaya Gandakusuma iki uga karan Bedhaya Bedhah Madiun minangka isine crita ing tari iki

Sawetara aran Bedhaya Gandakusuma luwih nuduhake saka gendhing utama pangiringe tari bedhaya iki.

Ana sing nyebut tari iki diciptakake Sri Sultan Hamengku Buwono II (1792-1828), uga ana Sri Sultan Hamengku Buwono V (1823-1855). 

Tari Bedhaya Gandakusuma versi Sri Sultan Hamengku Buwono VIII nate diajarake ing njabane keraton.

Yakuwi ing Sekolah Seni Kridha Beksa Wirama sing didegake BPH Suryadiningrat lan GPH Tejokusuma.

Ing sekolah iki GRAj Siti Nurul Kamaril sinau Tari Bedhaya Gandakusuma sawise entuk ijin GPH Tejokusuma.

Gusti Nurul iki putri tunggale GKR Timur (putri Sri Sultan Hamengku Buwono VII) karo KGPAA Mangkunegara VII (Solo).

Gusti Nurul banjur nggawe versi sing beda, yakuwi Tari Bedhaya Bedhah Madiun gaya Mangkunegaran.

Tari Bedhaya Gandakusuma kacathet nante dipentasake ing 18 November 1900 lan 25 Maret 1945.

Ing taun 1983, Tari Bedhaya Gandakusuma direkonstruksi Titik Agustin saka Akademi Seni Tari Indonesia.

Tahun 1989, Tari Bedhaya Gandakusuma ditampilake meneh ing Universitas Negeri Yogyakarta.

Ing 21 Juni 2014, direkonstruksi meneh Keraton Yogyakarta karo Dinas Kebudayaan Daerah Istimewa Yogyakarta.

Durasi tari asile rekonstruksi iki mbutuhake wektu kurang luwih 80 menit utawa sajam punjul 20 menit. (*)

Editor : Satmiko Supraptono
#tari #mataram #Ngayogyakarta Hadiningrat #bedhaya gandakusuma #bedhaya bedhah madiun #retno dumilah #madiun #klasik