JAWA POS RADAR MADIUN – Tata krama utawa unggah-ungguh penting banget ing kabudayan masyarakat Jawa.
Tata krama utawa etika mujudake watak kasusilan. Wong sing duwe etika, yokuwi sing tingkah lakune becik lan sopan.
Tumrap masyarakat Jawa ana karan Pancakreti. Panca tegese lima lan kreti tegesi tumindak utawa tingkah laku.
Kapethik saka lama Radar Solo, iki Pancakreti sing dadi simbol tingkah laku ing masyarakat Jawa:
- Ukara
Ukara bisa ateges tetembungan, pangucapan, utawa wicara. Iki penting minangka makluk kang duwe akal,
Kanthi akale manungsa supaya wicara utawa ngucap kanthi urut, cetha, blaka suta lan jujur.
Nalika wicara kudu sopan ing pamilihan tetembungan lan pangucapan, maksude uga cetha lan ora mbulet.
- Trapsila
Trapsila asale saka tembung trap sing tegese temata lan sila sing tegese watak utwa tumindak miturut kasusilan.
Trapsila bisa diartekake nganggo tata krama. Manungsa sing duwe aklak kudune duwe tingkah laku sing salaras karo lingkungane.
Nggunakake tata krama nalika urip ing masyarakat supaya urip ayem santosa jalaran ora nerak norma sing ana.
- Susila
Susila bisa diartekake minangka etika ing masyarakat. Yakuwi, samubarang paugeran sing katulis utawa ora ing masyarakat.
Yakuwi paugeran bab tata laku, tingkah laku, sing becike dileksanakake kanthi pener lan nuduhake budi pakerti kang luhur.
- Sastra
Sastra tegese tulisan utawa ilmu. Ing pancakreti, sastra tegese kapinteran lan kaprigelan nalika tumindak.
Kapinteran iki bisa arupa kaprigelan nulis ing wujud layang, serat, naskah, makalah, utwa tulisan liyane.
- Karya
Karya bisa diartekake minagka cipta utawa asil panggawean. Karya kang apik lan migunani didhukung karo papat kreti sadurunge.
Urip ing masyarakat kudu ngetrapake babagan sing becik. Bisa diwiwiti saka tumindak kang duwe aklak lan tutur kang sopan.
Pancakreti ing ndhuwur dadi pedoman kanggo ngleksanakake urip saben dinane ing masyarakat Jawa. (*)
Editor : Satmiko Supraptono