SOLO, Jawa Pos Radar Madiun – Kota Solo, Jawa Tengah, kondhang minangka Kota Budaya. Kususe budaya Jawa.
Maneka event budaya kerep digelar ing Kota Bengawan iki. Ora mung tradisioal nanging uga modern utawa kolabrorasi kalorone.
Event utawa festival sing digelar ora mung wujud upaya nglestarekake kabudayan nanging uga wis dadi industri pariwisata.
Tundjung W Sutirto, pamigati budaya Kota Solo, ngarep-ngarep Pemkot Solo bisa dadi fasilitator palestarian budaya.
Uga bisa nggunakake budaya minangka media kanggo ningkatake kasadaran masyarakat perlune duwe kabanggaan.
‘’Pemkot wis trep anggone maca peluang kanggo mbangun kasejahteraan masyarakat liwat event budaya,’’ kandhane durung suwe.
Dheweke ngapresiasi upayane Pemkot Solo minangka fasilitator. Nanging sing penting kudu tansah njaga kaajegane.
Adhedhasar perspektif ilmu sosial, event budaya duwe peran sentral ing upaya ngraketake integrasi masyarakat.
Tansaya kerep nggelar event utawa festival budaya, integrasi sosial uga tansaya raket. Jalaran, festival dadi sarana kumpul masyarakat.
Apameneh Kota Solo minangka pawaris Praja Kejawen kang sugih tradisi. Saengga liwat festival kasadaran masyarakat tansaya dhuwur.
Contone, Festival Jenang Solo saben 17 Februari. Kagiatan iki minangka pangurmatan produk jenang ing Kota Solo.
Semono uga Solo Batik Carnival, Festival Keroncong lan liya-liyane sing tansah didhukung masyarakat.
Yen festival dikususake budaya lokal, cetha minangka wujud palestarian. Sing penting substansine dudu wungkus utawa kemasane.
Jalaran inovasi lan kreasi mesthi bakal melu selera generasi kontemporer supaya ora ditinggalake generasi mudha.
Anane festival uga kanggo madhahi eksistensi seniman lan budayawan. Jalaran festival bisa kanggo sarana promosi para seniman.
Festival bisa nyipta networking antarane seniman, kurator seni, lan masyarakat. Saengga karya seniman dadi ngembang.
Sawetara kakurangane, sambung Tundjung, festival kerep dadi ajang komersialisasi sing ora nggatekake makna senine.
Tantangan paling abot yakuwi parubahan cara pandang seniman. Iki ana sesambungane karo akehe aliran seni.
Ana pirang-pirang seniman sing konsisten ing jalur klasik nanging uga ana sing pingin nyoba seni kontemporer.
Ing festival, kreativitas kuwi penting. Jalaran masyarakat luwih katarik sambubarang kang anyar utawa dianyarake.
Saengga para seniman kudu pinter-pinter anggone ngetrepake cara pandang ing dimensi kreativitas kuwi.
Festival uga bisa dadi sarana edukasi. Ora mung babagan regenerasi sing bisa dibangun nanging uga transformasi.
Alih pengetahuan, miturut dhewe, bisa lair saka festival kanthi konsep reward (penghargaan) ing antarane.
‘’Contone, festival dalang cilik, uga bisa dadi wahana regenerasi lan transformasi,’’ Tundjung mungkasi katerangane.
Panemu saka pamigati budaya ing ndhuwur samesthine uga patut ditrepake ing kutha-kutha utawa daerah liyane. (*)
Editor : Satmiko Supraptono