Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Wong Jawa Kudu Weruh! Aja Kleru Tampa, Tembung Kasar Ora Mung Kocap minangka Ekspresi Nesu

Satmiko Supraptono • Kamis, 13 Februari 2025 | 19:00 WIB

ILUSTRASI: Tembung kasar kerep kocap minangka ekpsresi nesu. (FREEPIK)
ILUSTRASI: Tembung kasar kerep kocap minangka ekpsresi nesu. (FREEPIK)

JAWA POS RADAR MADIUN – Neng masyarakat Jawa tata krama dadi babagan kang penting ing sasrawungan.

Ora mung ing babagan tumindak nanging uga pangucap utawa tata basa. Saengga, basa Jawa ana pirang-pirang tingkatan.

Wiwit sing kasar nganti sing paling alus. Wiwit ngoko nganti krama inggil minangka sarana tata krama ing caturan saben dinane.  

Tulisan iki ngrembug basa kasar sing kerep keprungu diucapake minangka wujud ekspresi ing samubarang. 

Umume kerep diucapake wong sing lagi nesu kanthi nadha dhuwur. Bisa kocapake nganggo basa ngoko uga krama.

Basa kasar utawa pisuhan (makian) uga ora mung minangka ekspresi rasa nesu utawa emosi nanging uga ekspresi liyane.

Contone kaget, gumun, nganti dadi ekspresi rakete kakancan. Jalaran gampang digunakake kanggo guyonan.

Basa kasar ing antarane nyebutake salah siji perangane awak kanthi nadha dhuwur lan panambang (akhiran) –mu.

Contone matamu (mripatmu), telihmu (wetengmu), cangkemmu (tutukmu), endhasmu (sirahmu) lan liya-liyane.

Tembung-tembung kuwi biasane digunakake minangka pisuhan utawa ekspresi nesu marang munsguh wicarane.

Basa kasar liyane biasane nyebutake jeneng kewan. Ora mung minangka ekspresi nesu nanging uga nyeluk utawa ngundang.

Contone kaya asu utawa kirik (anjing), celeng (babi), wedhus (kambing), bajingan (tupai), jangkrik lan liya-liyane.

Ing sabagean masyarakat Jawa isih ana karan utawa jejuluk kanggo ngundang kanca sing wis raket banget.

Lumrahe kanggo guyonan kanca nongkrong. Kaya celeng (babi), gudhel (anak kebo) lan tobil (anak kadhal).

Saliyane kuwi uga ana tetembungan kasar liyane minangka ekspresi nemoni kaanan kang kabacut utawa ora lumrah.

Contone mbathang kanggo nyebut wong sing panggaweane mung turu  utawa turune ora lumrah nganti lali wektu.

Modar kanggo nyebut kaanan barang sing mati utawa ora fungsi uga kanca sing wis raket sing nyulayani.

Nglayap, kanggo nyebut wong sing seneng dolan ora ulih-ulihan nganti lali omah nganti wektu sing suwe.

Nothol, basa kasar kanggo nyebutake wong utawa kanca sing gaweane mung mangan saengga kaya pitik.

Uga ana basa pisuhan murni sing digunakake jalaran nesu utawa emosi, nanging kerep digunakake ing kekancan.

Contone goblog, jancuk, pekok, dlogog lan sapanunggalane jalaran gampang pangucapane.

Uga duwe sifat minangka tembung ganti wong (celukan). Contone blog (goblog) lan cuk (jancuk). 

Tulisan ing dhuwur ora duweni karep ngajarake nggunakake basa kasar nanging minangka kaweruh tujuan anane tingkatan ing basa Jawa.

Saengga ing caturan saben dinane karo sapa wae, karo kanca raket utawa ora, kudu bisa nggunakake miturut empan papane. (*)

Editor : Satmiko Supraptono
#masyarakat jawa #tata krama #krama inggil #marah #emosi #madiun #ekspresi