Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Wong Jawa Kudu Weruh! Panyebutan Bijen, Takeran lan Ukuran sing Lumrah Digunakake Masyarakat Padesan

Satmiko Supraptono • Kamis, 13 Februari 2025 | 22:30 WIB

ILUSTRASI: Salirang gedhang. (FREEPIK)
ILUSTRASI: Salirang gedhang. (FREEPIK)

JAWA POS RADAR MADIUNIng masyarakat Jawa ana pirang-pirang istilah kanggo nyebut bijen (nilai satuan), takeran (takaran) lan ukuran.  

Upamane kaya nyebut bijine dhuwit, ambane lemah, dawane barang  lan liya-liyane kanggo ngringkes pangucapan.

Lumrahe ing padesan Jawa isih akeh masyarakat sing nggunakake istilah-istilah kuwi kanggo caturan saben dinane.

Istilah dit cilik biasane digunakake kanggo nyebut dhuwit (mata uang) wiwit saka  Rp 100 – Rp 20.000.

Sawetara dit gedhe digunakake kanggo nyebut dhuwit (mata uang) wiwit saka Rp 50.000 – Rp 100.000.

Ora mung istilah kanggo nyebut dhuwit, masyarakat padesan Jawa uga duwe istilah sing ringkes kanggo nyebut wijen liyane.

Contone gedhang salirang (sesisir), satangkep (dua sisir) utawa kaya tangan loro sing lagi nangkep lan satundun (setandan).

Sawetara takerane beras ana istilah saberuk. Beruk yakuwi bathok klapa sing gedhe. Isine kurang luwih 2,5 kilogram beras.

Jalaran jaman biyen durung ana timbangan utawa literan, mula yen adol tinuku beras nganggo beruk.

Uga ana sing luwih amba meneh kanggo nyebutake 120 ubin utawa padha karo 1.680 meter pesagi. 

Kanggo nyebutake dawane barang uga ana istilah sakilan (sejengkal) lan sadhepa (selengan), sagenter (segalah) lan liya-liyane.

Mula yen lagi menyang padesan lan krungu istilah-istilah sing kaya ngono kuwi, yen ora weruh luwih becik takon. (*)

Editor : Satmiko Supraptono
#masyarakat jawa #Takaran #ukuran #mata uang #madiun #istilah