KOTA MALANG, Jawa Pos Radar Madiun – Kota Malang wis kondhang minangka kota wisata lan pendidikan.
Jebule ora mung kuwi, Kota Malang uga kondhang minangka salah siji kota kuliner ing Indonesia, kususe Jawa Timur.
Ora mung kuliner lokal kang kas, ing kutha iki uga akeh maneka kuliner saka njaba daerah nganti njaba pulau.
Salah sijine Kedai Prata Pak Long sing nyedyakake suguhan kas Melayu kanthi cita rasa kang otentik.
Kedai Prata Pak Long manggon ing Jalan Simpang Candi Panggung, Kelurahan Mojolangu, Kecamatan Lowokwaru.
Sing dikarepake kuliner Melayu iki dudu saka negara tangga Malaysia, nanging kuliner kas Riau, Sumatera.
Kaya Universitas Muhammadiyah Malang (UMM), Universitas Brawijaya (UB), lan Institut Teknologi Nasional (ITN),
Kedai Prata Pak Long nyedyakake maneka suguhan kas Melayu kang otentik lan wis mesthi nggugah selera.
Wiwit sega (nasi) lemak sing gurih kas Melayu komplit maneka lawuh kaya ayam goreng, endhog balado, lan iwak bilis,
Uga ana martabak telur Melayu sing disajekake nganggo kuwah utawa duduh kare sing kenthel lan sugih rasa.
Uga ana prata kari ayam sing arupa kuweh cane empuk lan duwe serat kanthi kuwah kare ayam sing sugih rempah.
Sawetara ombene sing kas kaya teh obeng sing sejatine es teh miturut budaya utawa masyarakat Melayu.
Sawetara teh O sebutane kanggo teh anget, nganti teh tarik, milo, lan kopi uga bisa dadi pilihan ombene.
Kedai Prata Pak Long panggonane amba lan resik saengga menehi rasa nyaman kanggo para pelanggane.
Regane uga pas, kususe kanggo mahasiswa utawa bocah kos-kosan. Wiwit Rp 8.000 nganti Rp 20.000 saporsi.
Sawetara maneka omben sing disedyakake regane wiwit saka Rp 5.000 nganti Rp 12.000 sagelas.
Tumrape warga Riau sing urip neng Malang, Kedai Prata Pak Long dadi alternatif kulineran sing paling cocog. (*)
Editor : Satmiko Supraptono