KOTA MALANG, Jawa Pos Radar Madiun – Sing nate nonton serial filem animasi Upi-Ipin ing tivi mesthi ora asing.
Bocah gundul kembar sing dadi tokohe filem Malaysia kuwi seneng mangan sega (nasi) lemak gaweane Kak Ros (mbakyune).
Penasaran pingin ngincipi sega lemak? Ora perlu adoh-adoh menyang Malayasia. Neng Kota Malang gampang ditemokake.
Nasi lemak duwe cita rasa gurih santen sing dipadokake karo lawuh kas kaya ayam rendang, endhog lan sambel.
Kapethik saka laman Radar Malang iki pirang-pirang panggonan rekomendasi kanggo nikmati nasi lemak neng Kota Malang
- Kedai Kopi Jasa Ayah Malang
Kedai sing manggon ing Jalan Garbis, Bareng, iki nyedyakake meneka kuliner kas Melayu, utamane sega lemak.
Disajekake karo maneka lawuh, kaya ayam masak merah, cumi masak merah, udang masak merah, tuna masak merah, ayam rempah, paru goreng, lan rendang daging.
Regane wiwit Rp 12.000 nganti Rp28.000 saporsi. Kanggo sarapan ana roti cane, teh tarik, lan maneka kopi.
Kedai iki bukak saben dina wiwit jam 07.00 nganti jam 22.00, saengga cocog kanggo sarapan nganti mangan bengi.
- Nasi Lemak Datok
Warung iki ana loro panggonane, yakuwi ing Jalan Joyo Tambaksari lan Jalan Kepuh Bandungrejosari.
Nasi Lemak Datok iki salah siji kedai neng Malang sing nyajekake sega lemak otentik kas Malaysia.
Menu sing disedyakake wiwit lawuh tempe/tahu bacem, rempela ati, endhog pindhang, ceker pedhes, balado paru, ayam rempah, nganti daging geprek.
Regane wiwit Rp 10.000 yen lawuhe tempe/tahu bacem. Sawetara lawuh liyane ana regane dhewe-dhewe.
Panggonane amba, nyaman, lan resik. Sing pingin mangan neg omah bisa order liwat aplikasi online.
- Piring Asia
Kedai iki manggon ing Jalan Wilis Gading Kasri. Piring Asia minangka salah siji destinasi kulineran nasi lemak otentik ing Malang.
Kedai iki nyedyakae varian nasi lemak. Klebu sing original, ayam, lan dori, kanthi rega wiwit Rp 19.000 saporsi.
Saben porsi sega lemak wis komplit ana endhog ceplok sing cukup nyamleng yen ora pingin tambah lawuh liyane.
Piring Asia uga nyedyake menu sarapan liyane kaya nasi hainan, laksa, lan cwi mie, sing dudu asli Malayasia.
Uga ana omben kas Singapura kaya milo dinosaur, teh C, lan teh tarik uga bisa nglompiti sega lemak lan liyane.
Panggonan amba kanthi pilihan indoor lan outdoor, uga ana fasilitas playground bocah-bocah saengga cocog kanggo kulawarga.
Operasionale bukak saben dina wiwit jam 06.30 nganti 21.30. Kusus menu sarapan disedyakake nganti jam 10.00. (*)
Editor : Satmiko Supraptono