KLATEN, Jawa Pos Radar Madiun – Festival Durian Jatinom ing Lapangan Merdeka, Desa Randulanang, Kecamatan Jatinom, Kabupaten Klaten, Minggu (16/2) wingi, sukses.
Festival iki nglibatake para palaku usaha mikro, kecil dan menengah (UMKM), utamane para pedagang duren (durian).
Para pedagang kuwi thirik-thirik ing kiwa-tengen sadawane ros dalan tumuju lokasi festival duren kuwi.
Para pedagang nyedyakake duren lokal sing bisa dipangan ing panggonan uga oncekan sing diwadhahi kotkak plastik.
Miturut Sarmini, salah siji pedagang, duren sing didol kuwi minangka asil panen saka tlatah Kecamatan Jatinom.
Dheweke seneng banget kanthi anane Festival Durian Jatinom iki jalaran durene bisa payu nganti tikel telu. Saka biasane 50 iji dadi 150 iji.
Biasane Sarmini dodol duren lokal Jatinom ing sangarepe Lapangan Merdeka, Desa Randulanang. iki.
Sing tuku ora mung saka Klaten nanging uga saka Solo lan Boyolali. Regane wiwit Rp 20.000 nganti Rp 70.000 saiji.
Sawetara duren oncekan sing diwadhahi kothak plastik didol rata-rata Rp 35.000 saben kothak.
Sawetara Camat Jatinom Agus Sunyata, nyebutake yen duren minangka potensi saka Desa Randulanang lan tatah Kecamatan Jatinom.
Festival iki digadhang-gadhang bisa dadi panyemangat kanggo para petani supaya terus ngembangake duren.
Ora mung duren lokal Desa Randulanang, Beteng lan Bengking. Nanging uga duren montong, bawor, musang king.
Kasihanto, petani duren saka Desa Randulanang duwe 30 wit duren lokal ing kebone. Rata-rata umure 25 taun lan ngasilake 150 nganti 200 iji sepisan panen..
Meh saben warga Randulanang duwe wit duren. Regane wiwit Rp 25.000 nganti Rp 50.000 saiji. Saben wit bisa ngasilake Rp 5 yuta nganti Rp 6 yuta.
Dheweke pingin festival iki digelar ajeg. Jalaran kabukti bisa ndhongkrak penjualan saengga ningkatake kesejahteraan masyarakat Randulanang. (*)
Editor : Satmiko Supraptono