PACITAN, Jawa Pos Radar Madiun – Ana sing narik wigati ing Pameran Literasi Objek Pemajuan Kebudayaan Pacitan dan Bazar Buku Murah.
Pameran sing digelar Dinas Perpustakaan dan Arsip (Disperpusip) Pacitan iki minangka reroncen Peringatan Hari Jadi Ke-280 Kabupaten Pacitan.
Ing event iki uga dipamerake maneka pusaka. Uga ana lukisan Bupati Pacitan Kasiji Adipati Setro Ketipo sing narik wigati.
Pameran iki sengaja ngusung misi ngenalake meneh para tokoh Pacitan sing duwe sejarah tumrap generasi muda.
Miturut Kepala Disperpusip Pacitan Amat Taufan, lukisan Adipati Setro Ketipo iki karyane seniman lokal Kushervica.
Sosok Adipati Setro Ketipo, minangka pemimpin (adipati) kasiji Pacitan sing kondhang kakendelane nglawan VOC (Belanda).
Miturut cathetan sejarah, ana crita paling heroik sing ditindakake Adipati Setro Ketipo ing jaman perjuangan biyen.
Adipati iki nyawisake unjukan woh pace (mengkudu) kanggo Sri Sultan Hamengku Buwono I ing medan paperangan.
Unjukan iki dipercaya minangka jamu sing bisa mbyantu Sri Sultan mulihake stamina lan semangat juange.
Crita iki dadi simbol katangguhan lan kapreduliane pemimpin marang perjuangan bangsane ngusir penjajah.
‘’Visualisasi lukisan iki menehi gambaran bab Eyang Setro Ketipo kanggo generasi penerus minangka pangajaran lan pendidikan,’’ kandhane Amat Taufan wingi (16/2).
Pameran iki uga majang koleksi benda-benda pusaka sing ana sesambungane karo sejarah Kabupaten Pacitan.
Ana keris kuna, tumbak, uga maneka artefak sing nyimpen jejak perjuangan ing jaman biyen.
Saben benda pusaka kuwi due crita sing patut kanggo dikisahake meneh marang generasi ing jaman saiki.
Pameran sing digelar ing plataran disperpusip iki rame ditekani masyarakat. Panitia nyedyakeke buku-buku sejarah nganti novel sastra kanthi rega murah.
Amat Taufan duwe pangare-arep ora mung ngedukasi babagan sejarah daerah, nanging uga nyurung pakulinan maca.
Pameran sing digelar nganti 25 Februari 2025 iki tujuane kanggo njaga lan nglestarekake warisan budaya daerah. (*)
Editor : Satmiko Supraptono