JAWA POS RADAR MADIUN – Maneka jajanan tradisional Jawa utawa karan jajan pasar tansaya langka.
Apameneh neng kutha wis arang kadhing ditemokake, kajaba ing pasar-prasar tradisional padesan Jawa.
Jajan pasar sejatine dudu mung camilan, nanging uga dadi bagean saka budaya sing mesthine kudu dilestarekake.
Sanajan klebu langka nanging isih eksis. Kapethik saka laman Solo Balapan, iki pirang-pirang jinis jajan pasar sing isih eksis ing pasar-pasar tradisional padesan.
- Klepon
Klepon bahane saka glepung ketan. Wujude bunder-bunder cilik biasane werna ijo sing isine gula Jawa disajekake karu parutan klapa.
Rasane sing gurtih kenyal lan yen digeget krasa legi ing ilat sawise pecah jalaran gula abang ing njerone sing lumer.
Klepon ini klebu salah siji jajan pasar utawa kuliner Jawa sing wis ana wiwit atusan taun kepungkur.
Klepon dikenal wiwit jaman kerajaan Majapahit lan minangka simbol kabegjan sing lumraha sajekake ing acar penting.
- Serabi
Serabi bahane saka glepung beras klapa parut lan banyu klapa sing dipanggang ing wajan grabah cilik.
Ana srabi sing disajekake garingan karo klapa parut lan juruh gula Jawa. Uga ana sing disajekake nganggo kuwah santen legi gula Jawa.
Serabi wis ana ing jaman kerajaan Sunda lan Jawa, Jajanan iki populer ing tlatah Jawa Barat, Jawa Tengah lan Jawa Timur.
Camilan sederhana tumrapae masyarakat padesan iki mung nggunakake bahan-bahan sing ana ing omah.
Di sana, pedagang serabi sering menjualnya dengan menggunakan gerobak kecil yang mereka dorong keliling desa.
- Lupis
Lupis bahane saka glepung ketan sing diwungkus godhong gedhang lan digodhog kata lonthong.
Disajakake karo parutan klapa lan juruh gula abang. Rasane gurih lan legi jalaran disiriam juruh gula Jawa.
Teksture sing kenyal lan rasane sing gurih legi cocog kanggo camilan sinambi ngombe teh utawa kopi pait.
Kayadene klepon, lupis iki uga minangka jajanan tradisional sing wis ana siwit jaman kerajaan Majapahit.
- Bubur Sumsum
Bubur sumsum bahane glepung beras sing duwe cita rasa gurih disajekake karo kuwah santen lan gula Jawa.
Teksturnya lembut lan gurih, kanthi rasa legis santen lan gula Jawa kang imbang saengga oara eneg.
Bubur utawa jenang sumsum iki dikenal ing Indonesia, kususe masyarakat Jawa, wiwit jaman kolonial Belanda.
Bubur iki biasana minangka suguhan panutup sing kerep disajekake ing acara-acara resmi kaya nikahan lan upacara adat.
- Gethuk
Jajanan saka tela kaspe (pohung) godhog sing dialusake banjur ditetel iki disajekake karo klapa parut lan juruh gula Jawa.
Nanging uga ana varian sing gula Jawane dicampur dadi saji godhogan pohung sing dialusake ditetel.
Gethuk uga dadi bagean kuliner Jawa wiwit jaman kolonial Belanda. Bahane gampang ditemokake sing sakubenge omah padesan..
Jajanan iki kerep disajekake minangka camilan ing maneka acara adat, kaya salametan utawa pesta rakyat.
- Cenil
Salah siji jinis jajan pasar iki bahane saka glebung kanji sing wujude bunder-bunder cilik lan digodhog.
Biasane dikelir werna-werni. Cenil disajekake karo parutan klapa lan juruh gula Jawa. Teksture kenyal kan glepung kanji.
Cenil uga dikenal wiwit jaman penjajahan Belanda lan wis dadi jajanan tradisional sing populer ing masyarakat Jawa sing klebu paling murah.
- Lanthing
Jajan sing digoreng iki duwe jeneng beda-beda ing pirang-pirang daerah. Ana sing ngarani klanthing lan alen-alen jalaran wujude kaya ali-ali.
Bahane saka glepung gaplek sing sawise diuleni nganggo banyu nganti kalis banjur dibentuk kaya ali-ali lan digoreng nganti garing.
Cita rasane gurih renyah, saengga cocog kanggo camilan sing ora maregi. Camilan iki wis ana wiwit jaman biyen. (*)
Editor : Satmiko Supraptono