Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Misteri Kuburan Bumi Arum Sukoharjo, Markas Jin sing Diobrak-abrik Ki Ageng Sutawijaya Muride Sunan Kalijaga

Satmiko Supraptono • Selasa, 18 Februari 2025 | 22:00 WIB
RELIGI: Makam Ki Ageng Sutawijaya ing Sukoharjo, Jawa Tengah. (DOKUMEN/SOLO BALAPAN)
RELIGI: Makam Ki Ageng Sutawijaya ing Sukoharjo, Jawa Tengah. (DOKUMEN/SOLO BALAPAN)

SUKOHARJO, Jawa Pos Radar Madiun – Ana panggonan karan Majasto ing tlatah Tawangsari,  Kabupaten Sukoharjo, Jawa tengah.

Neng kene akeh toko sing nyedyakake maneka busana lan kondhang kanthi rega miring saengga dadi jujugan kanggo blanja.

Ing walike ramene toko-toko kuwi, kususe nyedhaki Lebaran, ana crita misteri sing uga kondhang ing tlatah Majasto.

Kapetik saka pirang-pirang sumber sing diringkes laman Solo Balapan, konon Majasto iki biyen minangka kampung (markas) jin.

Nanging, Ki Ageng Sutawijaya salah siji muride Sunan Kalijaga, kasil ngobrak-abrik markas jin ing Majasto kuwi.

Ki Ageng utawa Eyang Sutawijaya duwe tujuan nundhung para jin ing tlatah kuwi lan ndadekake panggonan dakwah agama Islam.

Jalaran Eyang Sutawijaya percaya yen sejatine tlatah Majasto iki diberkahi lemah kang arum saka Gusti Kang Maha Agung.

Kayakinan Ki Ageng Sutawijaya ora kleru. Buktine, saka anane tradisi panguburan sing dileksanake masyarakat ing tlatah kuwi.

Sanajan mayit dikubur mung njerone kira-kira setengah meter nanging ora gemanda bosok (bathang) saka kuburan kene.

Sawetara ing tlatah liyane, lumrahe yen nguburake mayit jerone makam paling ora kudu 1,5 meter utawa luwih.

Malah, para tokoh kondhang kaya Sunan Gunungjati lan Sultan Agung Hanyokrokusomo njupuk sagegem lemah kene digawa ing daerahe.

Kanthi kaistimewaaan kuwi, lumrah yen akeh masyarakat sing pingin dikubur ing kompleks pamakaman Bumi Arum kuwi.

Sanajan mengkono, ora sembarang wong utawa mayit sing bisa dikubur ing kompleks pamakaman Bumi Arum kene.

Jalaran ana paugeran sing wis disarujuki menawa mayit sing bisa dikubur neng kene mung anak-putune (ahli waris) mayit sing wis dikuburake ing pamakaman Bumi Arum iki. 

Nganti saiki, makam utawa sareane Ki Ageng Sutawijaya akeh sing njiarahi minangka jujugan wisata religi.

Jalaran Eyang Sutawijaya dianggep minangka sosok kang linuwih ing babagan spiritual, apameneh uga salah siji muride Sunan Kalijaga. (*)

Editor : Satmiko Supraptono
#sunan gunungjati #makam #Majasto #sukoharjo #misteri #madiun #sunan kalijaga #Ki Ageng