Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Wong Jawa Kudu Weruh! Iki Makna, Filosofi, Jinis lan Cara Nyajejake Tumpeng, Aja Waton Ngethok

Satmiko Supraptono • Rabu, 19 Februari 2025 | 16:00 WIB
ILUSTRASI: Tumpeng sega kuning. (DOKUMEN/RADAR JOGJA)
ILUSTRASI: Tumpeng sega kuning. (DOKUMEN/RADAR JOGJA)

JAWA POS RADAR MADIUN – Sapa sing durung weruh tumpeng? Sega sing dibentuk kayadene gunungan (kerucut).

Tumpeng wis dadi bagean sing ora kena dipisahake karo maneka upacara adat ing Indonesia. Kususe, ing Jawa, Bali, Madura, lan Sunda.

Tumpeng sing minangka simbol wujud sukur iki biasane disuguhake ing acara kenduri (slametan) utawa sukuran.

Kaya ngrayakake kadadean penting. Contone, kalairan, ulang taun, lan maneka momen penting liyane.

Makna lan Filosofi Tumpeng

Tradisi nggawe tumpeng asale saka pakulinan masyarakat kang ngurmati gunung minangka panggonane para hyang utawa arwah leluhur.

Ing budaya Hindu, tumpeng minangka simbol gunung suci kususe Semeru panggonane  para dewa.

Saengga tumpeng minangka gambaran sesambugan kang raket antarane masyarakat karo alam lan spiritualitas.

Sawetara Islam Jawa nyambungake tumpeng karo piweling spiritual lan panyuwunan  marang Kang Maha Kuwasa.

Ing tradisi lan budaya Islam Jawa, tumpeng duwe makna “yen pingin bisa metu kudu sing mempeng”.

Lawuhe tumpeng biasane ana pitung werna sing nglambangake pitulungan kang kapethik saka donga salah siji ayat Alquran.

Simbol Nyawijine Gusti lan Kawula-Ne

Tumpeng uga minangka simbol sing ing masyarakat Jawa karan “manunggaling kawula Gusti”.

Mula, ana sing dianggep salah kaprah nalika nyajekake tumpeng. Yakuwi  dikethok bagean ndhuwure kanthi cara horisontal.

Jalaran bagean ndhuwur tumpeng nglambangake Gusti, sawetara bagean ngisor nglambangake kawula.

Kanthi ngethok bagean ndhuwure, manunggaling kawula Guti dadhi pedhot. Mula becike, yen ngethok tumpeng kanti cara vertikal.

Saka ndhuwur mangisor utwa disigar tengah. Saengga bagean nduwur lan ngisor panggah nyawiji banjur disajekake kanggo para tamu.

Maneka Lawuh ing Tumpeng

Tumpeng ora duwe paugeran kang baku bab lawuhe. Nanging, biasane ana pirang-pirang jinis kanggo ngompliti sega.

Ing antarane perkedel, abon, dele goreng, endhog dadar, timun, godhong sledri, tempe kering, serundeng, urap kacang panjang, iwak asin, utawa lele goreng.

Maneka lawuh kuwi duwe makna ing budaya Jawa lan Bali, kanthi nyampur kewan darat (ayam lan sapi), kewan banyu (iwak lele utawa bandeng), lan kulupan (kangkung, bayem, lan kacang panjang).

Jinis Tumpeng Miturut Kaperluane

Tumpeng Robyong: Tumpeng iki disajekake ing upacara siraman nikahan adat Jawa. Biasane diseleh ing wakul.

Palengkape maneka kulupan, lan ing bagean ndhuwure diencepi endhog pitik, terasi, brambang lan lombok.

Tumpeng Pitonan: Disajekake kanggo sukuran kandhutan umur pitung wulan. Wujude tumpeng gedhe ing tengah,

Tumpeng gedhe iki dikubengi nem tumpeng cilik sing disajekake ing tampah lan dilemeki godhong gedhang.

Tumpeng Pungkur: Biasane digunakake kanggo ninggal donyane wong priya utawa wanita sing isih legan.

Tumpeng iki wujude sega putih lan disajekan lawuh kulupan. Tumpeng iki dikethok vertikal lan diseleh adu geger utawa nyingkuri.

Tumpeng Putih: Werna putih (sega) nglambangake kasucen, lan biasane digunakake ing acara-acara sakral adat Jawa.

Tumpeng Kuning: Sega kuning nglambangake kamulyan  lan budi pakerti luhur. Biasane disajekake ing acara sing nyenengake kaya kalairan, nikahan, utawa tunangan.

Tumpeng Seremonial/Modifikasi: Biasane digunakan kanggo hantaran ing acara kulawarga kanggo keperluan seremonial. (*)

Editor : Satmiko Supraptono
#gunungan #tumpeng #hindu #upacara adat #budaya #jawa #madiun #manunggaling kawula gusti #semeru