Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Misteri Sendang Winong Sukoharjo sing Dijaga Ula Gedhe lan Ana Swara Gamelan Saben Malem Sura

Satmiko Supraptono • Kamis, 20 Februari 2025 | 19:30 WIB
TILAS RINGIN: Kamar mandi umum ing Sendang Winong, Sukoharjo. (DOKUMEN/SOLO BALAPAN)
TILAS RINGIN: Kamar mandi umum ing Sendang Winong, Sukoharjo. (DOKUMEN/SOLO BALAPAN)

SUKOHARJO, Jawa Pos Radar Madiun – Ing Kabupaten Sukoharjo, Jawa Tengah, ana salah siji panggonan sing dianggep kebak misteri.

Yakuwi Sendang Winong sing ana mburine Pasar Tawang, ing Desa Ngreco, Kecamatan Weru, Kabupaten Sukoharjo.  

Sendang Winong iki ana wiwit taun 1930-an lan biyen digunakake warga kene kanggo adus lan umbah-umbah.

Asal usul babagan jeneng Winong wis luntur. Jalaran sesepuh desa kene sing weruh critane wis ninggal donya.

Nanging, ana sing isih dikramatake masyarakat kene. Yakuwi watu gedhe ing mburi sendang kang karan Ngipik. Ing selane watu kuwi ana wit kepuh.

Masyarakat percaya yen ing sakubenge watu gedhe kuwi ana guwa. Nanging, ora ana sing wani nyedhaki.

Konon, ana ula gaib sacagak omah mlungkeri wit kepuh sing ana ing antarane loro watu gedhe kuwi.

Miturut wong sing weruh babagan alam gaib, saben malem Sura ana swara klenengan (gamelan) saka Ngipik utawa Sendang Winong.

Sejatine, ing Sendang Winong iki ana jedhing (kamar mandi) sing bisa digunakake warga kene lan pangunjung Pasar Tawang.

Nanging kamar mandi ing Sendang Winong sing dibangun pamerintah kuwi katon arang-arang digunakake.

Jalaran ing Pasar Tawang wis ana kamar mandi umum. Semono uga masyarakat kene rata-rata uga wis duwe kamar mandi.

Miturut critane warga kene, lokasi kamar mandi sing dibangun pamerintah kuwi biyen arupa wit ringin sing dikramatake.

Wit ringin kuwi banjur ditegor kanggo kamar mandi. Saliyane kuwi, ing sakubenge uga ana wit-witan liyane sing uga dikramatake.

Saengga, masyarakat kene ora wani negor. Ing cedhak septic tank biyen uga ana wit gedhe nanging ambruk dhewe jalaran wis tuwa.

Nganti saiki masyarakat kene mung wani reresik wit-witan ing sakubenge sendhang kanthi maprasi supaya katon rapih. (*)

Editor : Satmiko Supraptono
#kepuh #sukoharjo #Ngipik #alam gaib #misteri #sendang winong