JAWA POS RADAR MADIUN – Upacara nikahan (mantenan) adat Jawa klebu salah siji tradisi budaya sing kudu dijaga lan dilestarekake.
Jalaran saben prosesi lan ubarampe ing upacara nikahan adat Jawa duwe makna lan filsofi sing jero. Salah sijine babagan tata rias panganten.
Babagan tata rias panganten kaperang ing tata rias rupa, tata rias rambut, tata rias busana, nganti aksesoris hiasane.
Paes Ageng
Istilah paes ageng wis ora asing ing masyarakat Jawa. Yakuwi, tata rias adat Jawa panganggone sapasang panganten.
Paes ageng dibedakake dadi loro jinis. Yakuwi paes gagrak (gaya) Solo dan paes gagrak Yogyakarta.
Tata rias paes ageng ngandhut makna sing jero banget. Salah sijine, cunduk mentul utawa karan kembang goyang.
Baca Juga: WARTA JAWA | Tradisi Mitoni Ibu Hamil Duwe Makna lan Filosofi Sing Jero Banget, Ngene Katerangane
Cunduk Mentul Kembang
Cunduk mentul iki salah siji aksesoris minangka hiasan ing sirah panganten wanita, umume wujude kembang.
Kembang nglambangake kasuburan, kaendahan, lan srengege kang tansah sumunar. Filosofine, migunani tumrap sapadha-padha.
Nggunakake cunduk mentul panganten wanita ing mantenan adat Jawa duwe makna kabagyan lan kabecikan ing laku uripe.
Cunduk Mentul Alas-Alasan
Saliyane wujud kembang, uga ana jinis cunduk mentul sing wujude alas-alasan utawa hutan belantara (alas gung liwang-liwung).
Jinis iki biasa digunakake ing gaya Solo. Motife nglambangake maneka sipat manungsa, kayadene sipate makluk sing urip ing alas.
Makluk sing urip neng alas bisa wae ora padha karo manungsa, nanging sawalike manungsa bisa kaya kewan.
Filosofi cunduk alas-alasan iki perlune arif lan wicaksana supaya bisa urip kanthi tenang, damai, lan bagya.
Cara Nganggo Cunduk Mentul
Ing panggunaane, cunduk mentul dianggo ing samburine mbun-mbunan. Jalaran ati kang adhem manggone ana ing kene.
Cacahe cunduk mentul sing digunanake kudu ganjil. Iki minangka simbol Gusti Kang Maha Tunggal (kaesaan Tuhan).
Filosofi Cacahe Cunduk Mentul
Cunduk mentul cacah telu minangka lambang Trimurti. Yakuwi, dewa telu paling dhuwur sing diyakini masyarakat Jawa.
Cunduk mentul cacah lima nglambangake Rukun Islam. Sawetara cacah pitu nglambangakae pitulungan.
Cunduk mentul cacah sanga nglambangake Wali Sanga. Masyarakat Jawa uga nganggep ganjil minangka simbol kapasrahan.
Angka ganjil duwe teges minangka wujud manungsa kang ora sampurna, saengga butuh Gusti ing saben langkahe.
Cunduk mentul cacah ganjil ngandhut pangarep-arep lan donga supaya Gusti nyampurnakake lan paring kabagyan kanggo pasangan panganten ing laku uripe. (*)
Editor : Satmiko Supraptono