Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Wong Jawa Kudu Weruh! Mitos utawa Gugon Tuhon Sejatine Ngajarake Kabecikan, Iki Contone

Satmiko Supraptono • Kamis, 27 Februari 2025 | 19:00 WIB

ILUSTRASI: Kucing dipercaya minangka kewan sing malati. (FREEPIK)
ILUSTRASI: Kucing dipercaya minangka kewan sing malati. (FREEPIK)

JAWA POS RADAR MADIUN – Akeh mitos sing ngembang ing masyarakat Jawa lan isih diugemi nganti tekan saiki.

Mitos kerep digandhengake karo samubarang kang kuna sing ora tinemu nalar, nanging isih akeh masyarakat sing ngandel.

Mitos meh padha karo simbol, ritus, utawa pitutur minangka kasadaran tumrap kaanan katamtu sing ana konsekuwensine.

Ing masyarakat Jawa uga kerep karan gugon tuhon utawa pitutur babagan pepali. Iki pirang-pirang contone. 

  1. Lungguh ing Ngarep Lawang Angel Entuk Jodho

Sabagean masyarakat Jawa percaya, kususe wanita, yen lungguh ing ngarep lawang bakal angel entuk jodho.

Sejatine, gugon tuhon iki ngajarake sopan santun. Jalaran lungguh ing ngarep  lawang bisa ngalangi akses mlebu metu.

  1. Metu Wayah Magrib Digondhol Wewe Gombel

Gugon tuhon iki klebu umum ing masyarakat Jawa. Mitos iki ngajarake bocah-bocah supaya enggal mulih dolan sadurunge magrib.

Mitos iki uga minangka wujud welas asih wong tuwa marang anake supaya ora lunga wayah bengi kanggo ngendhani bebaya.

  1. Singsot Wayah Bengi Bisa Ngundang Dhedhemit

Sinsgot (bersiul) wayah bengi, apameneh ing panggonan sing dianggep wingit, bisa ngundang dhemit utawa lelembut.

Faktane, singsot wayah bengi bisa ngganggu wong liya sing lagi ngaso  jalaran bengi pancen wektune wong ngaso.

  1. Nerak Kucing Bisa Nemahi Siyal

Sabagean masyarakat Jawa isih percaya yen sapa wae sing nerak kucing bakal nemahi siyal utawa kena bebendu.

Mitos iki ngandhut pangeling-eling yen nerak kucing nganti mati supaya enggal nguburake bangkene minangka wujud tanggung jawab.

  1. Lungguh Bantal Bisa Wudunen

Gugon tuhon iki ngelingake menawa bantal kuwi panggonane sirah. Saengga , ora sopan yen nglungguhi bantal.

Bener apa ora, percaya apa ora, sing cetha gugon tuhon utawa mitos minangka bagean saka warisan budaya Jawa.

Saengga, ora ana klerune yen tansah diugemi. Jalaran kabeh kuwi tujuane ngajarake babagan kabecikan. (*)

Editor : Satmiko Supraptono
#bantal #mitos #gugon tuhon #wewe gombel #kucing #jawa #madiun