JAWA POS RADAR MADIUN – Kuntilanak klebu bangsa lelembut (memedi) kang legendaris ing masyarakat Indonesia.
Wujude wong wadon nganggo busana sarwaputih, rambute dawa diore, yen ngguyu utawa njerit swarane bisa nggawe mrinding.
Dhemit wadon iki digambarake minangka roh wanita kang gentayangan jalaran matine nalika ngandhut utawa nglairake.
Jebule, dhemit iki ora mung ana neng Indonesia. Nanging uga sigaran donya liyane kanthi ciri kas beda-beda sanajan meh padha.
- Kuntilanak utawa Pontianak (Indonesia lan Malaysia)
Demit wadon iki digambarake nganggo busana sarwaputih kanthi rambut dawa diore nganti nutupi praupane.
Kerep muncul wayah bengi, utamane nalika padhang mbulan (purnama). Swara guyu kang nggegirisi minangka tandha tekane.
Kuntilanak kerep digandhengake karo ganda kembang melati. Sok bisa memba-memba wanita ayu kanggo njarak korbane.
- La Llorona (Meksiko lan Amerika Latin)
Kondhang minangka dhemit wanita nangis. La Llorona iki roh ibu sing ngelemake anak-anake ing kali nganti mati jalaran pedhot atine.
Sawise sadar yen kleru, banjur bunuh diri lan rohe gentayangan, nangis wayah bengi karo nggoleki bocah-bocah dijak ing alame.
Ing Amerika Latin crita iki kanggo ngelingake kanthi ngedeni bocah-bocah supaya ora kluyuran dhewekan ing wayah bengi.
- White Lady (Eropa lan Amerika Serikat)
White Lady wis dadi legenda umum ing negara Barat. Kerep disambungake karo roh wanita sing mati kanthi cara tragis.
Biasane jalaran dicidrani utawa dikianati, kacilakan, utawa korban kakerasan ing sesambungan omah-omahe.
Dhemit iki digambarake nganggo busana putih dawa lan kerep ngetok ing dalan-dalan sepi, alas utawa kastil tuwa.
Pirang-pirang versi nyebutake yen White Lady minangka tandha kamatian tumrap wong sing diweruhi.
- Kuchisake-onna (Jepang)
Legenda Jepang iki nyritakake wanita kanthi praupan kang sigar wiwit kuping tengen nganti kuping kiwa.
Konon jalaran dipateni bojone sing sujana (cemburu) lan rohe gentayangan wayah bengi nganggo masker bedhah.
Lelembut iki bakal takon marang wong sing ditemoni, ‘’Apa aku ayu?” Yen diwangsuli “Ora”, bakal dipateni.
Nanging yen diwangsuli “Ya”, dhemit wadon iki bakal mbukak maskere lan takon meneh. Apa wae wangsulane bakal nggawa patine korban.
- Phi Tai Hong (Thailand)
Phi Tai Hong iki rohe wanita sing mati kanthi cara tragis, sing kerep jalaran kacielakan utawa korban rajapati.
Dhemit iki dikenal gampang nesu lan angel ditenangake jalaran matine kanthi cara sing ora lumrah.
Ing Thailand, ana kapitayan menawa Phi Tai Hong mbebayani banget jalaran bisa nyilakani wong sing ana sakubenge.
- Lady in Red (Kanada lan Amerika Serikat)
Lady in Red digandhengake karo tragedi tresna. Utawa wanita sing mati jalaran korban rajapati utawa bunuh diri merga pedhot atine.
Lelembut iki kerep ngetok ing hotel utawa gedhong teater tuwa, mlaku nganggo busana abang, nanging praupane sedhih lan kebak dendam.
- Sundel Bolong (Indonesia)
Sundel Bolong kerep dipadhakake karo kuntilanak. Nanging duwe ciri kas sing beda. Yakuwi gegere bolong dikebaki set.
Dhemit wadon iki uga minangka roh wanita sing mati nalika ngandhut lan kerep muncul nggodha wong lanang kanggo balas dendam.
Sanajan beda budaya, dhemit-dhemit wadon iki duwe crita sing meh padha. Matine ora lumrah saengga rohe kebak dendam.
Saliyane kuwi uga minangka simbol kasedhihan lan korban tumindak ora adil sing ditemahi nalika isih urip. (*)
Editor : Satmiko Supraptono