BOYOLALI, Jawa Pos Radar Madiun – Tumrape umat Islam, Ramadan ora mung minangka wulan suci nanging uga kebak berkah.
Salah siji sing entuk berkahe wulan Ramadan para pangrajin tembaga ing Kecamatan Cepogo, Kabupaten Boyolali, Jawa Tengah.
Nyedhaki wulan Ramadan taun iki, panjalukan kerajinan tembaga ing tlatah kuwi tansaya mundhak akeh.
Salah siji produk kerajinan sing paling diburu yakuwi replika lampu Nabawi sing biasa digunakake minangka ornamen masjid.
Paningkatan pesenan iki dirasakake salah siji galeri kerajinan tembaga ing Desa Cabeankunti, Cepogo, Boyolali.
Miturut Brury, pangelola Restu Art Galery, Ramadan taun iki nggawa berkah tumrape para pangrajin tembaga.
‘’Biasane sawulan mung payu loro utawa telu set, nyedhaki Ramadan iki bisa payu 20 nganti 25 set,’’ kandhane wingi (25/2).
Garapan lampu Nabawi iki mbutuhake wektu kira-kira 2-3 minggu saben set, gumantung ukuran lan detil ornamen sing dipesen.
Para pangrajin tembaga duwe gawean sing beda-beda ing proses nggarape replika lampu Nabawi iki.
Ana sing bagean nempa tembaga, ngukir kaligrafi, ngelir, ngamplas, moles, nganti tahap finishing.
Siji set lampu Nabawi kaperang saka ornamen mubeng kanthi lapal sahadat utawa salawat, uga welasan lampu gantung.
Ukuran lampu Nabawi sing disedyakake akeh variasine. Saka sing diameter 1 meter nganti 3 meter sing paling gedhe.
Ningkate panjalukan utawa pesenan iki orang mung saka Jawa, nganging uga nganti Sulawesi lan Sumatera.
Saliyane lampu Nabawi, ornamen lawang kayu Nabawi kanthi hiasan kaligrafi saka tembaga uga akeh sing pesen.
Kerajinan tembaga iki diminati jalaran menehi kesan elegan, biji artistik dhuwur lan luwih awet tinimbang bahan liyane.
Tembaga duwe daya tahan luwih suwe, ora gampang neyeng, uga menehi swasana etnik lan estetik kang kuwat.
Rega saben set replika lampu Nabawi beda-beda gumantung ukuran lan tingkat karumitan lan detil desaine.
Aja kaget, regane wiwit saka Rp 25 yuta saben set. Mula para pangrajin tembaga ing Cepogo optimistis entuk berkah nganti Idul Fitri mengko. (*)
Editor : Satmiko Supraptono