JAWA POS RADAR MADIUN – Momen buka pasa ing wulan Ramadan rasane kurang afdol tanpa anane takjil.
Sawise ngempet luwe lan ngelak sedina wutuh, suguhan legi lan seger dadi pilihan kang pas kanggo mbalekake energi.
Kapethik saka laman Solo Balapan, iki pirang-pirang resep es takjil kang praktis lan gampang nggawene neng omah.
- Es Timun Serut Lemon
Es timun serut lemon iki seger lan nyegerake kanggo buka. Campuran timun lan lemon mbyantu hidrasi awak sawise sedina wutuh pasa.
Timun duwe kandhutan banyu sing dhuwur, saengga mbyantu awak tetep entuk hidrasi sawise pasa sedina wutuh.
Bahan-bahan:
- 1 woh timun diserut alus
- 1 woh lemon diperes banyune
- 2 sendok makan madu utawa gula diencerake
- 200 mililiter banyu adhem
- Es prongkol sacukupe
Cara nggawe:
- Campur timun serut lan banyu peresan lemon ing gelas
- Tambah madu utawa gula encer banjur diudheg nganti nyampur
- Cong banyu adhem lan tambah es prongkol sacukupe
- Es timun serut lemon siyap dinikmati.
- Es Buah Santen (Oyen)
Es buah santen minangka pilihan klasik sing sugih rasa kanthi kombinasi woh-wohan seger lan santen kang gurih.
Santan ngandhut lemak sehat sing bisa menehi energi tambahan ing wayah buka sawise pasa sedina wutuh.
Bahan-bahan:
- 100 mililiter santen kenthel
- 200 mililiter banyu mateng
- 2 sendok makan gula abang encer
- 50 gram nangka diiris cilik-cilik
- 50 gram alpukat diiris kothak dhadhu
- 50 gram klapa mudha diserut
- Es prongkol sacukupe
Cara nggawe:
- Campur santen karo banyu lan gula abang encer banjur diudheg nganti rata
- Lebokake irisan nangka, alpukat, lan kelapa mudha serut ing mangkok
- Cong santen sing wis dicampur ing mangkok isi woh-wohan
- Tambah es prongkol sacukupe, siyap disajekake.
- Es Cendhol Jeli
Yen pingin nggawe cendhol dewe kanthi cara luwih gampang, bisa nggunakake jeli (Nutrijell) rasa pandan.
Cendhol bisa dadi sumber karbohidrat kang cepet sing mbyantu mbalekake energi sawise pasa sedina.
Bahan-bahan:
- 1 wungkus jeli rasa pandan
- 500 mililiter banyu
- 2 sendok makan tapioka
- 1 sendok makan gula pasir
- Es prongkol sacukupe
- 200 mililiter santen
- 2 sendok makan gula abang cair
Cara nggawe:
- Campur jeli pandan, tapioka, gula pasir, lan banyu, banjur digodhog nganti umop karo terus diudheg
- Sawise mateng disok neng cithakan cendhol banjur disiram banyu es supaya atos
- Siyapake gelas, lebokake cendhol, santen, gula abang encer, lan es prongkol
- Udheg nganti rata, es cendhol jeli siyap dinikmati
- Es Pelem Yakult
Kombinasi legine rasa pelem lan Yakult kang seger ndadekake es iki cocog banget kanggo buka pasa.
Bahan-bahan:
- 1 woh pelem mateng, iris kothak dhadhu
- 1 botol Yakult
- 2 sendok makan sirup pelem
- 200 mililiter banyu adhem
- Es prongkol sacukupe
Cara nggawe:
- Blender separo irisan pelem karo banyu lan sirup pelem nganti alus
- Banjur cong ing gelas lan tambah sisa irisan pelem
- Cong Yakult lan udheg alon-alon
- Tambah es prongkol lan sajekake
Saliyane nyegerake, omben-ombenan ing ndhuwur uga migunanai kanggo awak supaya tetep seger sasuwene Ramadan. (*)
Editor : Satmiko Supraptono