Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Kuliner Nyamleng, Dimsum Mentai kang Gurih lan Creamy Cocok kanggo Takjil Ramadan, Patut Dicoba!

Satmiko Supraptono • Kamis, 6 Maret 2025 | 22:00 WIB

ILUSTRASI: Dimsum mentai cocog kanggo takjil. (DOKUMEN/SOLO BALAPAN)
ILUSTRASI: Dimsum mentai cocog kanggo takjil. (DOKUMEN/SOLO BALAPAN)

JAWA POS RADAR MADIUN – Salah siji kabagyane wong pasa ing wulan Ramadan yakuwi nalika lagi buka.  

Mula wektu buka dadi wayah sing tansah dienteni sawise sedina wutuh ngempet luwe lan ngelak.

Takjil utawa suguhan sadurunge buka uga penting. Supaya ora waleh karo sing legi-legi bisa dicoba takjil jinis liyane.

Kaya sing duwe cita rasa gurih, salah sijine dimsum mentai. Kombinasi dimsum kang lembut lan saus mentai kang creamy

Kapethik saka laman Solo Balapan, iki resep dimsum mentai sing bisa digawe dhewe neng omah:

Bahan-bahan dimsum:

Baca Juga: WARTA JAWA | Kuliner Nyamleng, Maneka Jajan Pasar Jawa sing Isih Eksis ing Pasar-Pasar Tradisional Padesan

Bahan saos mentai:

Cara nggawe dimsum:

  1. Campur daging ayam cincang, urang, bawang putih, godhong bawang, endhog, glepung tapioka, kecap asin, lenga wijen, saos tiram, uyah, mrica, gula, lan kaldu bubuk. Campur nganti adhonan kalis.
  2. Saben lembar kulit pangsit diisi sasendok makan adonan daging banjur dibentuk kaya dimsum.
  3. Panasake kukusan, banjur kukus dimsum suwene 20–25 menit nganti mateng. Angkat lan sisihake.

Baca Juga: WARTA JAWA | Kuliner Nyamleng, Pingin Ngincipi Nasi Lemak Senengane Upin-Ipin neng Kota Malang? Iki Rekomendasine

Cara nggawe saos mentai:

Campur mayones, saos sambel, lombok bubuk, jeruk nipis, kecap asin, lan gula. Campur dadi saji.

Cara nyajekake:

  1. Tata dimsum sing wis dikukus neng loyang utawa piring tahan panas.
  2. Olesake saos mentai rata ing dhuwure dimsum.
  3. Panggang utwa blowtorch nhduwure saos nganti rada coklat.
  4. Disajekake nalika anget kanggo takjil.

Baca Juga: WARTA JAWA | Kuliner Nyamleng, Kedai Prata Pak Long Rekomendasi Kuliner Kas Melayu neng Kota Malang

Tips anti gagal:

Dimsum mentai cocok kanggo takjil jalaran rasane kang gurih lan creamy, uga ndadekake wareg. (*)

Editor : Satmiko Supraptono
#mentai #dimsum #ramadan #buka #tips #takjil #madiun #gurih