Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Kuliner Nyamleng, Iki Rekomendasi Maneka Panganan Abot sing Cocog kanggo Sahur lan Buka Pasa Ramadan

Satmiko Supraptono • Jumat, 7 Maret 2025 | 22:00 WIB

ILUSTRASI: Gule ayam cocog kanggo sahur lan buka pasa Ramadan (DOKUMEN/RADAR JOGJA)
ILUSTRASI: Gule ayam cocog kanggo sahur lan buka pasa Ramadan (DOKUMEN/RADAR JOGJA)

JAWA POS RADAR MADIUN – Ramadan minangka wulan kang kebak berkah tumrape umat Islam kanggo ngakehi ibadah.

Utamane ibadah wajib pasa Ramadan. Supaya kuwat anggone pasa sedina wutuh butuh asupan gizi lan panganan sehat.

Kapethik saka laman Radar Jogja, iki 10 jinis panganan abot sing cocog dikonsumsi nalika nindakake pasa Ramadan.

  1. Nasi Kebuli

Nasi kebuli suguhan kas Timur Tengah sing sugih rempah lan biasane disajekake karo daging wedhus (kambing) utawa pitik (ayam).

Jinis olahan sega iki cocog kanggo buka lan sahur jalaran ngandhut karbohidrat lan protein kang dhuwur.

  1. Soto Ayam utawa Daging

Salah siji olahan sing duwe duduh (kuwah) anget iki cocog dikonsumsi sawise sedina wutuh pasa.

Kanthi tambahan sega, soto dadi panganan abot sing maregake lan gampang dicerna organ pancernaan.

  1. Nasi Padang

Menu sega Padang kaya rendang, ayam pop, gulai otak, lan sambel ijo wis mesthi nggugah selera lan bisa dadi pilihan panganan berat nalika buka utawa sahur.

  1. Ayam Bakar lan Lalapan

Ayam bakar bumbu kecap utawa rempah-rempah kas ditambah lalapan seger lan sambel bisa dadi menu sehat lan maregake ing wulan Ramadan.

  1. Gule lan Opor Ayam

Suguhan kuliner kanthi duduh (kuwah santen) kaya gule lan opor ayam cocog banget kanggo buka lan sahur.

Jalaran bisa mbalekake energi sawise sedina wutuh pasa. Apameneh yen disajekake karo sega utawa lonthong.

  1. Nasi Goreng Spesial

Sega goreng bisa dadi menu praktis lan nyamleng kanggo sahur. Bisa ditambah endhog, ayam suwir, utawa sosis kanggo nambahi protein lan cita rasane.

  1. Mie Ayam utawa Bakso

Kanggo sing ora pingin mangan sega, mie ayam utawa bakso bisa dadi pilihan kang maregake gantine sega.

Kuwah gurih lan isen protein saka ayam utawa bakso ndadekake panganan iki dadi pilihan favorit ing pasa Ramadan.

  1. Iwak Bakar karo Sambel Matah

Iwak bakar minangka pilihan panganan abot lan sehat jalaran sugih protein lan asam lemak omega-3.

Disajekake karo sambel matah lan sega anget, suguhan iki nyamleng banget kanggo buka pasa.

  1. Tongseng Kambing utawa Sapi

Tongseng kang sugih rempah lan disajekake karo kuwah gurih cocog banget kanggo mbalelake tenaga sawise pasa. Biasane disajekake karo sega putih anget.

  1. Pecel utawa Gado-Gado

Kanggo sing golek panganan luwih sehat, pecel utawa gado-gado bisa dadi pilihan kang pas. Sayuran seger lan bumbu kacang menehi energi tanpa ndadekake weteng wareg. (*)

Editor : Satmiko Supraptono
#kebuli #ramadan #gizi #opor #tongseng #sehat #madiun #bakso #padang #soto #islam