Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Pemkot Solo Ngincer Tlatah Pasar Kliwon Minangka Destiniasi Wisata Religi Anyar, Ngene Katerangane Wali Kota

Satmiko Supraptono • Sabtu, 8 Maret 2025 | 22:00 WIB
POTENSIAL: Paku Alaska ing Pasar Kliwon nyuguhake kuliner  kas Timur Tengah. (DOKUMEN/RADAR SOLO)
POTENSIAL: Paku Alaska ing Pasar Kliwon nyuguhake kuliner kas Timur Tengah. (DOKUMEN/RADAR SOLO)

SOLO, Jawa Pos Radar Madiun – Destinasi wisata ing Kota Solo bakal tansaya akeh. Salah sijine, objek wisata religi anyar.   

Wektu iki Pemkot Solo lagi ngetung potensi ing kawasan Pasar Kliwon minangka destinasi wisata religi anyar kuwi.

Saliyane duwe situs-situs sejarah, tlatah iki uga kondhang kanthi kuliner kas Timur Tengah lan pusat oleh-oleh haji lan umrah sing unik.

Miturut Wali Kota Solo Respati Ardi, akeh usulan saka masyarakat sing pingin ngembangake wisata religi ing tlatah kene.

Pametaan potensi wis ditindakake kanggo mesthekake daya tarik kawasan iki nyata-nyata bisa migunani tumrap kasejahteraan masyarakat.

Saliyane wisata religi, kuliner kas Timur Tengah lan  pusat kuliner daging wedhus (kambing) minangka daya tarike.

‘’Saliyane kuwi industri printing uga ngembang kanthi apik ing tlatah iki,’’ kandhane Respati wingi (4/3).

Konsep wisata iki, sambunge, ora mung nyuguhake destinasi sejarah lan masjid sing duwe biji dhuwur.

Nanging uga nglibatake masyarakat ing pangembangan usaha kanthi dhasar ekonomi kreatif.

‘’Kita bakal nyawang partisipasi warga, nemtokake titik-titik strategis, uga ngurasi tema-tema wisata sing duwe daya tarik,’’ jarene.

Pemkot bakal nindakake kurasi ing papan-papan sing duwe potensi dadi destinasi wisata religi, klebu nimbang aspek ekonomi lan budaya.

Pemkot pingin mesthekake ana kasinambungan antarane konsep wisata lan kabutuhan pasar.

‘’Panguwatan branding uga bakal ditindakake supaya wisatawan duwe pangalaman unik nalika menyang Solo,’’ sambung Respati.

Lurah Pasar Kliwon Supadno ngonfirmasi yen pirang-pirang usulan kanggo ngembangake wisata wis diajokake menyang Pemkot Surakarta.

Sing wis mlaku lan duwe daya tarik ing antarane Paku Alaska (Pasar Kliwon Kuliner ala Masakan Kambing dan Nasi Kabuli).

Saliyane kuwi uga anane pusat oleh-oleh haji lan umrah uga acara haul Habib Ali bin Muhammad Al Habsyi saben taun.

Miturut Supadno, potensi wisata ing tlatahe tansaya gedhe sawise  Masjid Raya Sheikh Zayed Solo diresmekake.

Akeh wisatawan sing mampir neng Pasar Kliwon sawise saka masjid kuwi, saengga konsep wisata religi dibiji patut dimaksimalake.

‘’Kita pingin sing wis ana dioptimalake kanthi dhukungan pemerintah supaya nyat-nyata dadi daya tarik unggulan,’’ kandhane.

Kanthi nyawijekake wisata sejarah, kuliner kas, lan tradisi kaagamaan sing kenthel, Pasar Kliwon patut dadi pusat wisata religi anyar. (*)

Editor : Satmiko Supraptono
#solo #pasar kliwon #destinasi #Respati Ardi #wisata #Masjid Raya Sheikh Zayed #religi #madiun #Habib Ali bin Muhammad Al Habsyi