Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Kuliner Nyamleng, Rekomendasi 4 Lokasi Mburu Takjil lan Buka Pasa Ramadan ing Kota Malang

Satmiko Supraptono • Minggu, 9 Maret 2025 | 20:00 WIB
NGANTI BENGI: Pasar Takjil Jalan Surabaya, Kota Malang.  (DOKUMEN/RADAR MALANG)
NGANTI BENGI: Pasar Takjil Jalan Surabaya, Kota Malang. (DOKUMEN/RADAR MALANG)

KOTA MALANG, Jawa Pos Radar Madiun – Swasana Ramadan neng Kota Malang ora mung krasa ing masjid-masjid.

Nanging uga ing dalan-dalan. Utamane yen wayah buka ing spot-spot takjil sing wis favorit neng kutha iki.  

Mburu takjil wis dadi tradisi masyarakat ing wulan Ramadan. Kapethik saka laman Radar Malang, iki 4 rekomendasi spot pusat takjil.

Pasar Takjil Jalan Surabaya

Pasar iki manggon ing ngarep Universitas Negeri Malang (UM), pasar iki dadi destinasi favorit kususe kalangan mahasiswa.

Maneka stan kuliner jentrek-jentrek ing sadawane dalan, nyajekake maneka menu wiwit sing entheng nganti abot.

Regane uga ora nguras kanthong. Cocog kanggo mahasiswa. Panggonane uga cocog kanggo mlaku-mlaku wayah sore.

Pasar Takjil Jalan Soekarno-Hatta

Uga karan Pasar Takjil Soehat, panggonane ing sadawane  dalan ngarepe Taman Krida Budaya Jawa Timur.

Saben sore, panggonan iki dipadheti pangunjung sing pingin golek menu kanggo buka. Maneka kuliner wiwit jajan nganti kekeinian ana.

Nanging, kapadhetane pangunjung kerep ndadekake kamacetan ing area iki. Saengga, luwih penak teka kene rada awan.

Pasar Takjil Rampal

Manggon ing Lapangan Rampal. Pangonan iki kerep digunakake nggelar maneka acara, wiwit sing formal nganti informal.

Ing wulan Ramadan, kawasan iki tansaya rame jalaran anane pasar takjil sing arupa tendha-tendha bazar kuliner.

Lokasi persise ing sisihe lapangan basket saengga ndadekake gampang pangunjung nggoleki stan panganan lan omben sing dipingini.

Wiwt panganan klasik nganti jajanan kekinian kabeh disedyakake neng kenen kanggo kanca ngabuburit lan buka.

Pasar Takjil Rampal ora mung nyedyakake menu buka lan takjil, nanging uga sarana hiburan, kususe kanggo bocah-bocah.

Kaya arena nggambar lan ngelir nganti wahana mobil-mobilan ATV, saengga cocog kanggo ngabuburit kulawarga.

Baca Juga: WARTA JAWA | Kuliner Nyamleng, Maneka Jajan Pasar Jawa sing Isih Eksis ing Pasar-Pasar Tradisional Padesan

Pasar Takjil Jalan Merjosari

Manggon ing kawasan Taman Singha Merjosari, pasar takjil iki nyuguhake swasana sing beda.

Saliyane mburu takjil, pangunjung bisa nikmati fasilitas taman. Kaya  area dolanan bocah-bocah, trek mlayu, lan area skateboard.

Saengga Taman Singha Merjosari dadi panggonan kang cocog kanggo  ngabuburit bareng kulawarga sinambi ngenteni buka.

Papat pasar takjil iki nyuguhake maneka pilihan kuliner sing bisa nyukupi kabutuhan buka pasa. Bisa dicoba. (*)

 

Editor : Satmiko Supraptono
#rampal #Malang #Universitas Negeri Malang (UM) #ramadan #masjid #surabaya #takjil #Rekomendasi #madiun