JAWA POS RADAR MADIUN – Tumrape umat Islam, Ramadan utawa Pasa minangka wulan suci kang kebak berkah.
Saengga dadi momen kang trep kanggo ngakehi ibadah lan nindakake maneka aktivitas positif kang nekakake pahala.
Kapethik saka laman Radar Solo, iki pirang-pirang kagiatan positif sing bisa ditindakake supaya ibadah wajib pasa tansaya kebak makna:
- Tadarus Alquran
Ramadan uga karan wulan Alquran, saengga disunahake ngakehi maca Alquran lan maknane.
Jadwalake tadarus Alquran saben dina dhewe utawa bareng-bareng bakal nambah kaberkahane Ramadan.
- Salat Tarawih lan Qiyamul Lail
Salat Tarawih klebu ibadah sunah sing mung bisa ditindakake ing wulan Ramadan. Mula aja nganti diliwatake.
Yen saguh, uga bisa nindakake Qiyamul Lail utawa Salat Tahajud ing saprotelon bengi kang pungkasan.
- Sedekah lan Andum marang Sapadha-padha
Sedekah ing wulan Ramadan kang kebak berkah, pahalane bakal ditikelake makaping-kaping.
Bisa kanthi cara andum takjil, nyantuni anak yatim, mbyantu wong sing mbutuhake utawa donasi kanggo masjid lan lembaga sosial.
- Melu Kajian Islam lan Sinau Ilmu Agama
Wulan Ramadan trep kanggo njerokake ilmu agama. Bisa liwat ngaji ing masjid, melu kelas online, utawa maca buku-buku islami.
Saliyane entuk ilmu kang migunani uga bisa nambah wawasan lan ningkatake kuwalitas ibadah Ramadan.
- Buka Bareng Kulawarga utawa Kanca
Buka pasa bareng minangka momen kang trep kanggo ngraketake tali silaturahmi. Nanging, kudu diwatesi salumrahe supaya ora nyuda esensi ibadah Ramadan.
- Nyusun Target Ramadan lan Evaluasi Ibadah
Nggwe target saben dinane utawa minggon, kaya Alquran sing diwaca, salat sunah sing ditindakake utawa sedekah sing arep ditokake. Kanthi target kang cetha, ibadah bakal luwih temata lan istikamah.
- Njaga Kasehatan kanthi Pola Mangan Sehat
Jaga pola mangan nalika sahur lan buka supaya awak tansah fit sasuwene nindakake pasa. Endhani panganan sing ngandhut lemak.
Uga konsumsi luwih akeh woh, sayur, lan banyu bening. Olahraga entheng sawise sahur utawa arep buka uga bisa njaga kabugaran.
- Ibadah utawa Iktikaf ing Masjid
Ing 10 dina pungkasan Ramadan, dianjurake nindakake iktikaf ing masjid, yakuwi meneng neng njero masjid kanggo luwih fokus ibadah.
Momen iki uga bisa digunakake ngakehi donga nyenyuwun pangapura marang Gusti Allah Kang Maha Agung.
- Nulis Jurnal Ramadan
Nyathet pengalaman spiritual sasuwene Ramadan bisa dadi motivasi kanggo terus ningkatake kualitas ibadah ing taun ngarep. Bisa uga nulis refleksi diri, donga, utawa inspirasi sasuwene Ramadan.
- Gunakake Wektu kanthi Kagiatan Produktif
Saliyane ngibadah, Ramadan kudu tetep produktif. Kaya sinau skill anyar utawa maca buku sing migunani
Uga ngembangake kreativitas kaya nulis, nglukis, utawa nggawe konten positif ing media sosial.
Kanthi nindakake maneka kagiatan positif iki, Ramadan bakal luwih duwe makna lan kebak kaberkahan. (*)
Editor : Satmiko Supraptono