JAWA POS RADAR MADIUN – Pasa Ramadan minangka ibadah wajib tumrape umat Islam kang duwe iman (beriman).
Tegese sapa wae, priya-wanita, nom-tuwa, wiwit bocah sing wis akil balik nganti lanjut usia (lansia) wajib nindakake.
Kajaba ing babagan katamtu sing pancen entuk ninggalake pasa Ramadan nanging kudu diijoli ing wulan liyane.
Kapethik saka laman Radar Jogja, iki pirang-pirang tips kanggo lansia supaya bisa nindakake pasa Ramadan miturut ahli kasehatan.
- Nggatekake Pola Mangan
Kanggo para lansia dinajurake banget supaya nggatekake pola mangan sasuwene pasa ing wulan Ramadan.
Nalika buka lan sahur becike ngonsumsi panganan kanthi nutrisi kang imbang. Endhani panganan sing ngandhut akeh lemak.
Uga sing legi leluwih lan pedhes leluwih kanggo ngendhani lelara (penyakit) kaya diabetes lan kolesterol sing dhuwur.
- Akeh Ngombe Banyu Bening
Tumrape lansia, yen nganti kurang cairan awak bakal ningkatake resiko dehidrasi. Saengga kudu ngombe banyu bening sing akeh.
Carane bisa diatur antarane buka nganti wayah sahur. Uga endhani omben sing legi lan ngandhut kafein.
- Ngaso kang Cukup
Lansia mbutuhake wektu ngaso kang cukup supaya kasehatan fisik kajaga. Mula aja nganti kurang ngasone.
Jalaran bakal ndadekake awak gampang kesel lan lemes. Yen ana wektu lodhang bisa kanggo ngaso ing wayah awan.
- Aktivitas kang Abot Diwatesi
Aktivitas fisik kang abot bisa ningkatake resiko gampang kesel lan dehidrasi. Mula pilih aktivitas sing entheng-enthengan.
Kaya mlaku santai utawa senam entheng-enthengan supaya tetep kajaga kabugaran awak tanpa nyababake kesel.
- Aja Meksa Awak
Tips pasa kang pungkasan kanggo lansia yakuwi aja meksa awak. Yen ana masalah nalika nindakake pasa becike dibatalake.
Yen awak krasa lara utawa lemes tanpa daya, luwih becik enggal preksa menyang dokter utawa tenaga kasehatan supaya ora tansaya nemen. (*)
Editor : Satmiko Supraptono