JAWA POS RADAR MADIUN – Pasa Ramadan wajib kanggo kabeh umat Islam, klebu para warga sepuh utawa lanjut usia (lansia).
Supaya kuwat ngempet luwe lan ngelak sedina wutuh milih menu sahur kang trep penting kanggo para lansia sing nindakake pasa.
Utamane gizi perlu luwih digatekake, jalaran ana sesambungane kang raket karo kesehatan lan tansaya sudane daya tahan awak.
Kurang asupan panganan sehat nalika sahur ora mung bisa nganggu ibadah pasa nanging uga ngancam kesehatane lansia.
Kapethik saka laman Radar Jogja, iki ana 8 rekomendasi menu sahur sehat sing cocog kanggo para lansia.
- Olahan Endhog
Endhog klebu sumber protein kang dhuwur sing penting kanggo njaga massa otot lan njaga kakuwatan awake lansia. Wiwit endhog godhog nganti omelet dadi pilihan menu kang praktis lan sugih nutrisi.
- Sayuran Ijo
Sayuran ijo klebu salah siji pilihan menu sahur kang sehat lan ngandhut gizi. Sayuran werna terang duwe rasa kang nyegerake saengga cocog kanggo lansia.
Pirang-pirang menu vegetarian kang cocok contone sop sayur, bayem, utawa sayuran liyane. Bisa ditambahi protein lan nutrisi kanthi lawuh ayam utawa tahu.
- Nasi Goreng
Sega goreng klebu menu praktis sing gampang diolah miturut selera. Menu iki bisa dadi panganan sahur kanggo para lansia.
Nanging luwih apik yen ditambahi sayuran kaya wortel, kacang polong, buncis, lan endhog orak-arik minangka tambahan protein.
- Smoothie Buah Segar
Supaya ora waleh, bisa nyoba smoothie buah segar. Ora mung nyamleng lan gampang, smoothie woh-wohan seger uga nghandhut nutrisi dhuwur saben saporsine.
Pilih woh-wohan sing disenengi lansia, kaya gedhang, stroberi, utawa pelem. Banjur dicampur yogurt rendah lemak utawa susu almond.
- Jangan Lodheh
Jangan lodheh klebu menu kas Indonesia sing bahane maneka sayuran, kaya kacang panjang, wortel, labu lan tempe.
Biasane dimasak nganggo santen lan rempah-rempah. Sayur lodheh ngandhut serat lan santen, protein nabati lan lemak sehat.
- Salad Sayuran Segar
Salad sayuran segar dadi alternatif sahur sing entheng lan nyegerake. Bahane bisa campuran maneka sayuran kaya slada, tomat, lan timun, banjur tambahi saos rendah lemak supaya rasane luwih nyamleng.
- Jangan Goreng Tahu/Tempe
Jangan goreng utawa oseng tahu/tempe klebu menu sahur praktis sing ngandung akeh protein nabati. Menu iki cocog kanggo lansia jalaran sehat lan nyamleng.
Pilih sayuran sing gampang dicerna kaya bayem, kubis, utawa tomat, banjur diolah bareng tahu utawa tempe supaya nambah cita rasane. (*)
Editor : Satmiko Supraptono