JAWA POS RADAR MADIUN – Ramadan dadi wulan istimewa tumrape umat Islam sadonya kanggo golek berkah saakeh-akehe.
Saliyane kanggo nindakake pasa wajib, uga akeh amalan liyane sing kebak berkah lan pahala matikel-tikel.
Utamane ibadah pasa wajib, akeh mitos sing ngembang ing masyarakat lan kerep ndadekake salah kaprah.
Kapethik saka laman Radar Malang, iki pirang-pirang mitos nalika nindakake pasa utamane babagan sahur lan buka.
Ora Sahur Ora Dadi Masalah
Sabagean masyarakat nganggep yen pasa ora sahur ora masalah utawa ora ngaruh tumrape ibadah pasa sing ditindakake.
Faktane, sahur kuwi penting banget minangka sumber energi kanggo nindakake aktivitas sedina wutuh nalika pasa.
Sahur mbyantu njaga metabolisme awak lan nyegah lemes. Mula dianjurake ora ngliwati sahur lan milih menu kang imbang.
Buka Kudu karo Panganan Legi
Ana anggepan yen buka kudu karo panganan legi. Kamangka yen ngonsumsi legi leluwih sawulan wutuh malah mbebayani kanggo awak.
Luwih becik buka kanthi ngombe sagelas banyu bening anget lan kurma sacukupe, banjur diterusake menu sing duwe gizi imbang.
Pasa Nyebabake Bobot Awak Mudhun
Akeh masyarakat sing percaya yen pasa otomatis bobot awak mudhun. Faktane, yen sahur lan buka ora ati-ati malah mbebayani.
Contone ngonsumsi panganan sing ngandhut lemak lan gula dhuwur kanthi leluwih, bobot awak malah tansaya mundhak.
Mula kunci utamane nalika pasa yakuwi kanthi njaga pola makan imbang lan ngontrol porsi panganan sing dikonsumsi.
Pasa Ora Entuk Olahraga
Sabagean masyarakat ngendhani olahraga nalika pasa jalaran wedi yen awake dadi lemes lan dehidrasi.
Faktane, olahraga entheng-enthengan nganti sedhengan aman ditindkaake nalika pasa lan malah dianjurake.
Sing penting ditindakake ing wektu sing trep, contone kaya sadurunge buka utawa sawise Salat Tarawih.
Olahraga nalika pasa uga bisa mbyantu njaga kabugaran lan metabolisme awak (tubuh) sasuwene Ramadan.
Baca Juga: WARTA JAWA | Kuliner Nyamleng, Sing Seger-Seger lan Gampang Nggawene kanggo Takjil Buka Pasa Ramadan
Ngombe Banyu Bening Saake-akeh nalika Sahur
Ana singn ganggep ngombe banyu bening akeh nalika sahur bisa nyegah dehidrasi sedina wutuh. Faktane, awak mung bisa nyedhot banyu ing wates katemtu.
Luwih becik ngombe banyu bening sithik-sithik wiwit wayah buka nganti sahur kanggo njaga cairan tubuh supaya imbang.
Kanthi mangerteni mitos lan fakta sahur lan buka pasa, insya Allah ibadah Ramadan bakal luwih sehat lan wicaksana. (*)
Editor : Satmiko Supraptono