Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Sejarah Masjid Laweyan, Masjid Paling Tuwa neng Kota Solo, Kawitane Arupa Bangunan Pura Umat Hindu

Satmiko Supraptono • Kamis, 13 Maret 2025 | 16:00 WIB
SEJARAH: Masjid Laweyan masjid paling tuwa ing Kota Solo. (DOKUMEN/RADAR SOLO)
SEJARAH: Masjid Laweyan masjid paling tuwa ing Kota Solo. (DOKUMEN/RADAR SOLO)

SOLO, Jawa Pos Radar Madiun – Sadurunge ngadeg Masjid Agung Keraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat, neng Kota Solo wis ana Masjid.  

Yakuwi Masjid Laweyan sing dadi masjid paling tuwa ing Kota Bengawan. Masjid iki wis ngadeg ing taun 1546.

Masjid iki dadi seksi bisu sejarah dawa penyebaran Islam ing tanah Jawa, kususe ing Kerajaan Pajang.

Sejarah dawa masjid iki ora uwal saka perjuangane Kyai Ageng Henis nalika nyebarake Islam ing tlatah kene.

Sareane uga ana ing kompleks Masjid Laweyan. Saliyane tokoh panyebar islam, sosok iki uga eyange Paku Buwono II.

Yakuwi panguwasa Kerajaan Mataram Islam sadurunge boyongan menyang Keraton Surakarta.

Sadurunge dadi masjid, bangunan iki kawitane arupa pura sing digunakake minangka papan pamujan umat Hindu.

Wektu kuwi, tlatah Belukan, panggonane Masjid Laweyan ngadeg, dipimpin Ki Ageng Beluk, salah siji tokok Hindu.

Banjur Kyai Ageng Henis teka lan wiwit ngajarake Islam neng kene nganti ngembang ing tlatah kuwi.

Ki Ageng Beluk akire mlebu Islam lan makafake pura duweke kanggo panggonan ibadah umat Islam.

Kairing lakune wektu, bangunan iki wis diowahi makaping-kaping. Wiwit pura dadi sanggar, banjur langgar, nganti dadi masjid.

Nganti tekan saiki bangunan masjid sing isih ngadeg kukuh iki isih digunakake kanggo maneka aktivitas keagamaan.

Ing wulan Ramadan, kagiatan keagamaan tansaya urip. Saliyane salat jemaah uga buka bareng jemaah lan masyarakat sakubenge.

Pihak masjid mung nyuguhake buka ing tanggal 5, 16, dan 21 Ramadan. Tanggal liya sadawane Ramadan dicukupi donatur lan sponsor. 

Masjid Laweyan uga nggelar maneka kagiatan islami sasuwene Ramadan. Kaya Mabit (Malam Bina Iman dan Taqwa) 1-20 Ramadan.

Kagiatan iki nglibatake bocah-bocah TPA (Taman Pendidikan Alquran) saben dina Senen nganti Jemuwah.

Rencanane, ing 22-23 Maret 2025 mengko masjid iki bakal nganakake pesantren kilat sing dibukak kanggo umum.

Peserta bisa melu maneka reroncen kagiatan, klebu buka pasa bareng lan program sosial kang migunani.

Masjid Laweyan uga menehi kalodhangan masyarakat sing pingin gabung melu panitia Ramadan.

Masjid Laweyan wis diakoni minangka cagar budaya ing Kota Solo, saliyane umure sing meh limang abad uga sejarahe kang dawa.

Masjid Laweyan tansah dadi panggonan sing dikangeni masyarakat Kota Solo kanggo ngibadah, kususe ing wulan Ramadan. (*)

Editor : Satmiko Supraptono
#keraton kasunanan surakarta hadiningrat #solo #pajang #ramadan #masjid laweyan #madiun #masjid agung #islam