Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Info Penting! Konsumsi Madu Miturut Sunah Rasulullah SAW Migunani Tumrap Kesehatan

Satmiko Supraptono • Kamis, 13 Maret 2025 | 19:00 WIB

ILUSTRASI: Madu migunani tumrap kesehatan. (FREEPIK)
ILUSTRASI: Madu migunani tumrap kesehatan. (FREEPIK)

JAWA POS RADAR MADIUNMadu klebu salah siji jinis panganan sunah sing sugih manfaat utawa migunani tumrap kesehatan.

Miturut riwayate, Rasulullah Muhammad SAW kerep ngonsumsi madu minangka bagean saka pola hidup sehat.

Jalaran madu uga katulis ing Alquran. Yakuwi Surah An-Nahl Ayat 68 sing nerangake telu jinis madu sing paling apik.

Yakuwi saka omah tawon ing gua gunung-gunung, bolongan wit-witan (alas) lan panggonan sing digawe manungsa (peternakan tawon).

Kapethik saka laman Radar Malang, iki telu jinis madu paling apik sing gampang ditemokake lan bisa dadi pilihan kanggo njaga kesehatan. 

  1. Madu Alas (Hutan)

Madu alas utawa madu mentah diasilake tawon (lebah) liar ing lingkungan alami alas, umume saka spesies Apis dorsata.

Tawon iki mbangun omah (sarang) kanthi cara alami tanpa campur tangan manungsa. Madu alas duwe kuwalitas apik kanthi werna bening.

Rasane luwih kompleks lan rada kecut tinimbang madu peternakan, gumantung jinis tetuwuhan sing dadi sumber nektare.

Madu iki migunani kanggo nglawan infeksi bakteri lan jamur, cepet marekake tatu, uga tamba lara gorokan.

Minangka prebiotik, madu alas uga ndhukung tuwuhe bakteri apik lan nguwatake sistem kekebalan awak (tubuh). 

  1. Madu Manuka

Madu iki kas Australia lan Selandia Baru sing diasilake tawon kang  nyerbuki kembang Leptospermum scoparium.

Madu iki kondhang duwe sipat antibakteri sing kuwat banget uga ngandhut antioksidan lan antiperadangan.

Wernane coklat peteng kanthi rasa legi semu pahit. Madu iki wis suwe digunakake kanggo obat herbal tamba infeksi lan cepet merekake tatu. 

  1. Madu Kaliandra

Madu kaliandra duwe kaunikan tinimbang madu liyane jalaran kandhutan glukosane luwih dhuwur tinimbang fruktosa.

Fruktosa biasane dadi zat utamane madu. Saengga iki ndadekake madu kaliandra luwih gampang dadi kristal.

Madu kaliandra iki wernane rada kuning kayadene lenga goreng, nanging kenthele sing beda-beda.

Saliyane kanggo pamanis alami, madu kaliandra uga migunani tumrap kesehatan, utamane kanggo tamba kanker saka kandhutan nutrisine. 

Ngonsumsi madu kanthi ajeg miturut sunnah Rasulullah SAW bisa mbyantu ningkatake daya tahan tubuh lan nglawan infeksi. (*)

Editor : Satmiko Supraptono
#madu #kesehatan #hutan #Sunah #madiun #Alquran #rasulullah #lebah