Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Semak Faktane! Asal Usul Ngabuburit ing Wulan Ramadan nganti Dadi Tradisi Budaya ing Indonesia

Satmiko Supraptono • Kamis, 13 Maret 2025 | 22:00 WIB

ILUSTRASI: Warga nggunakake ngabuburit kanthi olahraga entheg-entengan. (DOKUMEN/RADAR SOLO)
ILUSTRASI: Warga nggunakake ngabuburit kanthi olahraga entheg-entengan. (DOKUMEN/RADAR SOLO)

JAWA POS RADAR MADIUN – Ngabuburit dadi tembung utawa istilah sing familiar ing masyarakat Indonesia. Utamane saben wulan Ramadan

Tembung iki kerep digunakake kanggo nyebutake kagiatan wayah sore sadurunge wektu buka pasa utawa magrib.

Sanajan tembung iki akeh digunakake para nom-noman, nanging uga wis dadi bagean tradisi lan budaya Indonesia.

Asal Usul Tembung Ngabuburit

Tembung ngabuburit asale saka basa Sunda, salah siji basa daerah sing akeh digunakake masyarakat ing Jawa Barat.

Ing basa Sunda, burit tegese sore utawa wektu sadurunge bengi. Yen ing basa Jawa kayadene wektu sadurunge surup.

Mula kanthi cara harfiah, ngabuburit artine kagiatan sing ditindakake wayah sore, persise sadurunge wektu buka pasa.

Nanging, sanajan asal-usule saka basa Sunda, tembung ngabuburit wis dikenal masyarakat saindenge Indonesia, klebu ing Jawa.

Saengga maknane ngembang lan ora mung kusus kanggo kagiatan Ramadan, nanging uga aktivitas sosial budaya liyane sadurunge buka.

Kagiatan nalika Ngabuburit

Umume, kagiatan ngabuburit ditindakake kanthi cara sing nyenengake sinambi ngenteni wektune buka utawa magrib, contone.

Baca Juga: WARTA JAWA | Kuliner Nyamleng, Rekomendasi 4 Lokasi Mburu Takjil lan Buka Pasa Ramadan ing Kota Malang

Baca Juga: WARTA JAWA | Kuliner Nyamleng, Dimsum Mentai kang Gurih lan Creamy Cocok kanggo Takjil Ramadan, Patut Dicoba!

Ngabuburit Minangka Tradisi Budaya

Kairing lakune wektu, ngabuburit ora mung dadi  momen kanggo ngisi wektu, nanging uga dadi bagean tradisi budaya masyarakat Indonesia.

Akeh acara kanggo ngregengake ngabuburit. Kaya bazar Ramadan, festival kuliner, utawa acara musik lan hiburan liyane.

Tujuane kanggo nglipur masyarakat sinambi ngenteni wayah buka pasa ing wulan Ramadan. Saengga ora mung aktivitas pribadi.

Nanging uga minangka bagean saka kagiatan sosial sing bisa ngraketake tali silaturahmi antarwarga. (*)

Editor : Satmiko Supraptono
#indonesia #ngabuburit #ramadan #tradisi #budaya #madiun #sore #istilah