Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Ngabuburit Asik, 10 Rekomendasi Panggonan sing Cocog kanggo Nyore Sadurunge Buka ing Kota Solo

Satmiko Supraptono • Jumat, 14 Maret 2025 | 16:00 WIB
NENTREMAKE: Taman Balekambang, salah siji  panggonan Ngabuburit ing Kota Solo. (DOKUMEN/RADAR SOLO)
NENTREMAKE: Taman Balekambang, salah siji panggonan Ngabuburit ing Kota Solo. (DOKUMEN/RADAR SOLO)

SOLO, Jawa Pos Radar Madiun – Ngabuburit utawa nyore sadurunge magrib wis dadi tradisi lan budaya saben wulan Ramadan.

Neng Kota Solo, akeh panggonan sing bisa dadi pilihan kanggo ngabuburit sinambi ngenteni wayah buka pasa.

Kapethik saka laman Radar Solo, iki 10 panggonan sing cocog kanggo ngabuburit bareng kulawarga utawa kanca.

  1. Taman Bendungan Tirtonadi

Ruang publik iki swasane tenang kanthi pamandangan ilene Bengawan Solo ing sakubenge bendungan.

Pangunjung bisa mlaku-mlaku ing pedestrian utawa mung lungguhan karo nikmati swasana sore.

Uga bisa olahraga entheng-enthengan ing jogging track. Panggonan iki uga ramah anak lan nyaman.

Neng kene ana pedagang kaki lima sing nyedyakake maneka panganan lan omben kanggo buka utawa bisa digawa mulih.

  1. Masjid Raya Sheikh Zayed

Masjid ikon anyar Kota Solo iki ora mung dadi papan ngibadah nanging uga pusat kagiatan ing wulan Ramadan.

Pangunjung bisa tadarus, melu kajian, utawa mung nikmati kaendahane masjid. Uga ana Festival Ramadan kanthi manek acara.

Kaunikan masjid iki ing arsitekture sing memper Sheikh Zayed Grand Mosque ing Abu Dhabi, Uni Emirat Arab (UEA).

Masjid iki nyedyakake buka gratis kanggo jemaah sing cacahe nganti ewon porsi saben dina sasuwene Ramadan.

  1. Stadion Manahan

Minangka salah siji stadion gedhe ing Indonesia, sakubenge Stadion Manahan dadi favorit warga Solo kanggo ngabuburit.

Pedestriane sing amba cocog kanggo mlaku-mlaku, mlayu santai, nyepedha, utawa mung menikmati swasana sore.

Stadion Manahan uga ramah anak jalaran duwe area blak-blakan sing amba uga aman lan nyaman kanggo dolanan.

Ing sakubenge Stadion Manahan akeh pedagang kaki lima sing nyedyakake panganan lan omben kanggo takjil utawa buka.

  1. Alun-Alun Kidul Surakarta

Panggonan iki dadi salah siji papan ngabuburit sing populer. Swasanane sing nentremake cocog kanggo kulawarga lan komunitas.

Lokasi iki uga cedhak karo objek wisata kuliner kas Solo. Akeh pedagang kaki lima sing nyedayakake maneka panganan lan omben.

Regane uga ora larang, saengga cocog kanggo golek takjil utawa menu buka pasa sasuwene Ramadan

  1. Lampion Balai Kota-Pasar Gedhe Solo

Pasar Gedhe kondhang minangka swargane kuliner Kota Solo, Ngabuburit neng kene menehi pengalaman mburu takjil nyenengake.

Maneka jajanan wiwit saka tradisional nganti kekinian ana neng kene. Akeh warung yen pingin buka neng kene.

Sing unik, wiwit saka Gladag-Balai Kota-Pasar Gedhe nganti tekan saiki isih kapasang ewon lampion warna-warni.

  1. Taman Sriwedari

Taman heritage kanthi tetanduran lan wit-witan kang ngrembuyung ndadekake swasana seger ing wayah sore.  

Akah acara seni lan budaya sing kerep digelar neng taman iki. Salah siji sing ikonik Wayang Orang Sriwedari.

Sakubenge taman uga akeh pedagang kaki lima sing nyedyakae panganan lan omben sing cocog kanggo takjil lan buka pasa.

  1. Taman Balekambang

Taman Balekambang dadi salah siji jujugan ngabuburit favorit kanggo kulawarga. Taman kang amba iki uga akeh wit-witane.

Swasana kang tenang lan alami ndadekae Taman Balekambang papan kang ramah anak lan kulawarga.

Ing taman iki uga ana warung panganan entheng-enthengan. Yen pingin buka neng kene uga bisa nggawa saka omah.

  1. Taman Cerdas Panularan

Papan dolanan utawa playground  iki ana ing Kelurahan Panularan Kecamatan Laweyan, Kota Solo, sing gratis kanggo umum. 

Taman cerdas duwe pitu zona utama sing inspirasine saka sejarah lan filosofi kampung ing Kelurahan Panularan.

Pitu zona kuwi karan Karagan, Baron Gedhe, Cakraningratan, Begalon, Barakan, Kadipala, dan Kunden.

Saben zona duwe fasilitas sing bisa digunakake dolanan bocah-bocah kaya prosotan, ayunan, panjat tebing, lan isih akeh liyane.

  1. Solo Safari

Ngabuburit sinambi ndeleng koleksi satwa ing kebun binatang (bunbin). Swasanane nyaman kanthi area sing katat rapih.

Cocog kanggo kulawarga, utamane bocah-bocah supaya ngenal maneka jinis kewan. Solo Safari uga duwe area dalanan an spot foto.

Ing njero kawasan Solo Safari uga ana food court kanthi maneka pilihan menu panganan lan omben kanggo buka.

Ing antarane kabeh lokasi ngabuburit neng Kota Solo, Solo Safari klebu paling larang harga tiket masuke (HTM).

  1. Sunan Jogo Kali

Panggonan iki klebu ruang publik anyar ing Kota Solo kanthi konsep taman ing pinggir kali.

Swasanane tenang lan asri, cocog kanggo ngabuburit sinmabi nikmati pemandangan ilene kali kang resik.

Durung ana pedagang panganan neng kene, dadi yen pingin buka apike nggawa saka omah apa tuku dhisik neng panggona liya. (*)

Editor : Satmiko Supraptono
#solo #ngabuburit #ramadan #sriwedari #madiun #manahan #safari #balekambang