SOLO, Jawa Pos Radar Madiun – Miturut sejarahe, Masjid Agung Keraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat dibangun ing abad ka-18.
Utawa ing jaman penjajahan Belanda alias sadurunge kamardikan Indonesia nalika Keraton Surakarta dipimpin Pakubuwono (PB) III.
Nalika semono, saliyane dadi papan ibadah umat Islam, masjid iki uga dadi punjere syiar agama Islam.
Masjid iki dadi salah siji seksi panyebaran agama islam ing tlatah Jawa Tengah, kususe Kota Solo lan sakubenge.
Masjid iki manggon ing Jalan Masjid Agung, Kelurahan Kauman, Kecamatan Pasar Kliwon, Kota Surakarta, Jawa Tengah.
Persisse, masjid iki dibangun ing taun 1763 lan rampung taun 1768 utawa limang taun suwene olehe mbangun.
Minangka papan ibadah, masjid iki klebu kategori masjid jami’ utawa kanggo ngibadah kanthi bebarengan utawa jemaahan.
Jalaran masjid iki lumayan amba saengga bisa nampung ewon jemaah kanggo salat jemaah kaya Salat Ied lan Salat Jemuwah.
Arsitektur bangunan masjid iki uga katon unik jalaran kombinasi antarane arsitektur kas Jawa lan gaya Belanda.
Masjid Agung Keraton Surakarta dibangun nggunakake bahan dhasar kayu lan nganti saiki isih asli saka kawitan pembangunane.
Kapethik saka laman Solo Balapan, bangunan masjid iki bentuke tajug kanthi wuwungan tumpang telu lan duwe pucuk mustaka (kubah).
Kabeh kuwi duweni makna. Tajug tumpang telu ngandhut arti pokok-pokok tuntunan Islam. Yakuwi iman, Islam, lan ihsan.
Sawetara mustaka utawa makutha masjid dibangun ing jaman panguwasane Sri Susuhunan Pakubuwono IV (1788-1820).
Iki dadi momen peresmian pembangunan masjid. Kawitane mustaka iki digawe saka lapisan emas murni bobote 7,8 kilogram.
Regane wektu kuwi kira-kira 192 ringgit. Nanging ing taun 1843 mustakane diganti bahan metal supaya luwih kuwat.
Kubah masjid iki wujude paku kang mancep bumi. Iki minangka lambang yen Pakubuwono minangka panguawasa bumi.
Masjid Agung Keraton Surakarta iki pancen masjid duweke kerajaan sing ora mung digunakake kanggo syiar agama Islam.
Nanging uga digunakake kanggo keperluan keraton liyane. Utamane sing ana sesambungane karo tradisi budaya islami.
Contone grebeg lan sekaten. Kagiatan iki ajeg digelar keraton saben taun kanggo nglestarekake tradisi lan kabudayan.
Nalika semono, raja (sunan) Surakarta duwe peran pemnting minangka panatagama utawa pangatur babagan agama.
Masjid Agung Keraton Surakarta iki sing dadi panggonan maneka kagiatane panatagama dianakake.
Pangurus masjid iki abdi dalem kanthi gelar Kanjeng Raden Tumenggung Penghulu Tafsiranom (penghulu) lan Lurah Muadzin (juru adan). (*)
Editor : Satmiko Supraptono