SOLO, Jawa Pos Radar Madiun – Kota Solo nyuguhake akeh pilihan panggonan kanggo ngabuburit sadurunge buka pasa Ramadan.
Salah sijine Taman Sriwedari. Destinasi favorit iki nyajekake swasana seger, edukatif, lan sugih budaya kanggo kulawarga.
Manggon ing tengah kutha, taman iki dadi panggonan kang nyaman kanggo nyantai sinambi nikmati maneka aktivitas.
Wiwit makani kidang lulut (jinak) nganti bisa nonton pagelaran Wayang Orang Sriwedari sing wis dadi ikone taman iki.
Taman iki dituwuhi tetanduran uga wit-witan kang asri lan ngrembuyung saengga nyiptakake hawa seger alami.
Kapethik saka laman Radar Solo iki pirang-pirang kagiatan sing bisa ditindakake ing Taman Sriwedari bareng kulawarga.
Interaksi karo Kidang Lulut
Kagiatan iki dadi salah siji sing paling favorit ing Taman Sriwedari. Kidang-kidang lulut diumbar saba ing area taman.
Kewan-kewan iki wis kulina interaksi karo manungsa, saengga bisa gampang nyedhaki lan menehi pakan.
Ing taman iki ana pirang-pirang lapak sing nyedyakake pakan kidang arupa sayuran seger kaya wortel lan kangkung.
Momen iki bisa ndadekake pengalaman anyar sing nyenengake, utamane tumrap bocah-bocah kanggo nuwuhake tersna marang satwa.
Sinau Jemparingan, Panahan Tradisional Gaya Mataram
Ing taman iki uga ana lapangan jemparingan. Yakuwi panggonan gladhen panahan tradisional gaya Keraton Mataram.
Saliyane klebu olahraga tardisional, jemparingan uga bagean saka budaya Jawa kang ngajarake kasabaran, katenangan, lan konsentrasi.
Neng kene, pangunjung bisa nyoba langsung olahraga panahan tradisional iki kanthi diajari para pelatih sing ana.
Bocah-bocah nganti dewasa bisa sinau teknik dhasar jemparingan, wiwit cara nyekel busur, narik anak panah, nganti ngincer sasaran.
Swasana latihan kang santai ndadekake pengalaman iki nyenengake, utamane kanggo sing lagi kaping pisan nyoba.
Nonton Pagelaran Wayang Orang Sriwedari
Pingin ngabuburit kanthi kagiatan budaya? Bisa nonton Wayang Orang Sriwedari sing wis dadi ikone Taman Sriwedari.
Malah uga wis dadi ikon budaya Kota Solo wiwit puluhan taun kepungkur lan isih terus eksis nganti saiki.
Wayang wong iki dimainake para para seniman kang nganggo kostum kas wayang kanthi dialog nganggo basa Jawa.
Crita-crita sing ditampilake ngangkat kisah epik saka Mahabarata lan Ramayana, lengkap gamelan kang ngiringi.
Nonton wayang wong bisa dadi pengalaman kang larang, utamane kanggo bocah-bocah sing durung familiar seni tradisi iki.
Saliyane panglipur, pagelaran iki uga dadi sarana nglestarekake budaya Jawa supaya tetep dikenal generasi muda.
Mburu Takjil lan Kuliner Kas Solo
Ing sakubenge Taman Sriwedari akeh pedagang sing nyajekake maneka suguhan nyamleng kas Solo kang cocog kanggo takjil lan buka.
Sentra jajanan iki ana ing sacedhake Stadion Sriwedari lan ing lapak-lapak pigura Taman Sriwedari (buka wayah bengi)
Pangunjung bisa nemokeke takjil kaya wedang rondhe, es dhawet, lan kolak gedhang. Uga menu buka kaya sega liwet, tengkleng, lan sate buntel. (*)
Editor : Satmiko Supraptono