Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Sejarah, Masjid Al Fatih Kepatihan Kota Solo Minangka Mahar Lamaran Calon Garwane Pakubuwono IX

Satmiko Supraptono • Sabtu, 15 Maret 2025 | 19:00 WIB
SEKSI SEJARAH: Masjid Al Fatih Kepatihan, Kota Solo. (DOKUMEN/SOLO BALAPAN)
SEKSI SEJARAH: Masjid Al Fatih Kepatihan, Kota Solo. (DOKUMEN/SOLO BALAPAN)

SOLO, Jawa Pos Radar Madiun – Ana pirang-pirang masjid neng Kota Solo sing duwe cathetan sejarah dawa lan unik.

Ora mung Masjid Laweyan lan Masjid Agung Keraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat sing umure wis dawa.

Uga ana Masjid Al Fatih sing dibangun taun 1312 Hijriyah utawa 1891 Masehi ing jamane Pakubuwono IX. 

Sawetara sing ngleksanake pembangunane Pepatih Dalem Kanjeng Raden Adipati Sosrodiningrat IV.

Masjid iki duwe makna kang jero minangka mahar lamarane Pakubuwono IX marang salah siji calon garwane.

Kapethik saka laman Solo Balapan, kawitane pangelolaan Masjid Al Fatih iki dadi wewengkone Keraton Surakarta.

Nanging sawise kamardikan Indonesia,  pangelolaan masjid iki dialihake menyang Departemen Agama (saiki Kementerian Agama).

Masjid iki manggon ing Jalan Pamedan Kepatihan, Kelurahan Kepatihan Wetan, Kecamatan Jebres, Kota Surakarta.

Wiwit kuwi masjid iki kopang-kaping direhabilitasi lan direnovasi pemerintah supaya bisa ngetutake kabutuhan jaman.

Kapisan, ana pawestren minangka panandha wigati khusus kanggo para jemaah wanita, uga gudang ing sakidule masjid.

Supaya bisa nampung jemaah sing tansaya akeh, ing 1992 ditambah loro bangunan ing sangarepe bangunan utama masjid.

Banjur ing taun 2019 masjid nemahi fase renovasi. Kaya pamasangan paving block ing platarane supaya luwih estetis lan fungsional.

Sawetara renovasi jedhing lan panggonan  wudu putra lan putri nuduhake wigati marang kanyamanan lan kabersihan.

Masjid Al Fatih tansah dadi seksi bisu lakune wektu lan papan ibadah kang terus ngleksanakake transformasi miturut kabutuhan. 

Masjid iki uga dadi jujugane warga sakubenge kanggo ngibadah salat limang wektu lan kagiatan islami liyane, kaya ing Ramadan iki. (*)

Editor : Satmiko Supraptono
#mahar #solo #Surakarta Hadiningrat #Keraton Kasunanan #sejarah #masjid #pakubuwono #madiun #unik