SUKOHARJO, Jawa Pos Radar Madiun – Neng Dukuh Kedunggudel, Kelurahan Kenep, Kecamatan Sukoharjo, Kabupaten Sukoharjo, ana masjid sing duwe sejarah dawa.
Masjid Darussalam arane. Ana pitutur kang dadi legenda lan ngembang ing tlatah kene babagan sejarah masjid iki.
Ana sing nyebutake yen masjid iki dibangun ing abad ka-14 bebarengan mlebune Islam neng tlatah iki.
Kyai Lombok sing ngadegake. Salah siji ulama saka pulau Lombok, Nusa Tenggara Barat, sing uga santrine salah siji Wali Sanga.
Nanging uga ana sing nyebutake yen masjid iki dibangun ing 20 Agustus 1837 utawa abad ka-19.
Miturut crita gethok tular, masjid iki dadi seksi sejarah perjuangan ngrebut kamardikan ing jaman kolonial utawa panjajahan Belanda.
Nalika semono, Raja Keraton Kasunanan Surakarta Pakubuwono VI kerep methuki Pangeran Diponegoro neng masjid iki.
Pangeran Diponegoro wertu kuwi minangka pemimpin perang Jawa nglawan panjajah bangsa Belanda.
Jalaran curiga anane patemonan sing ndhelik-ndhelik kuwi, Belanda nate nyerang Masjid Darussalam iki karo 21 bom kanon.
Kapethik saka laman Radar Solo, babagan crita iki dikonfirmasi Sehono, salah siji takmir Masjid Darusslam.
Miturut dheweke jalaran kuwasane Gusti Allah SWT, ora ana siji wae bom sing mbledhos sanajan Belanda pingin ngejur Kedunggudel.
Miturut crita gethok tular saka para sesepuh neng kene, bom jinis kanon wujude kaya tuntut utawa ontong (jantung) gedhang.
Arsitekture masjid iki uga unik. Mustakane Masjid Darussalam wujude kembang wijaya kusuma, pusakane Bathara Kresna.
Ing njero Masjid Darussalam iki ana mimbar kuna kanthi ornamen saka kayu jati sing ngusung gaya jaman Majapahit.
Cagake ana 16 kanggo nyangga masjid iki saengga kukuh lan kuwat. Saengga para jemaah bisa ngibadah kanthi nyaman.
Persis ing mburine masjid ana makame Kyai Lombok sing ngedegake masjid iki lan kerep ditekani para pajiarah.
Ing njero masjid iki uga ana sumur kuna karan Kyai Pleret. Sumur iki kanggo nyimpen bandha perange Pakubuwono VI kanggo Pangeran Diponegoro.
Saben Ramadan, Masjid Darussalam nganakake maneka kagiatan kaagamaan. Wiwit ngibadah wajib nganti sunah lan sedekah.
Saben dina uga nyedyakake takjil saka para warga sekubenge Masjid Darussalam kanthi cara gentenan. (*)
Editor : Satmiko Supraptono