JAWA POS RADAR MADIUN – Saliyane wektu buka lan sahur, wektu sing paling populer ing wulan Ramadan yakuwi imsak.
Kapethik saka pirang-pirang sumber, imsak minangka panandha wektu kanggo miwiti pasa, mligine ing wulan Ramadan.
Imsak minangka tandha umat Islam wiwit ngempet saka babagan kang mbatalake pasa, kaya mangan lan ngombe uga liya-liyane.
Imsak uga digunakake minangka piweling yen wektu sahur wis meh rampung lan sedhela meneh mlebu wektu subuh.
- Saka aspek basa, tembung imsak asale saka basa Arab sing artine ngempet. Imsak ana sesambungane karo wektu sahur lan adan Subuh.
- Saka aspek wektu, ing Indonesia wektu imsak umume kurang luwih 10 menit sadurunge adan (adzan) Subuh. Ing hadis sing diriwayatake Imam Bukhari lan Imam Muslim, Nabi Muhammad SAW menehi jarak antarane sahur lan wektu Subuh kira-kira padha karo maca 50 ayat Alquran.
- Saka aspek tujuane, wayah imksak supaya umat Islam ati-ati (yen sahur) nalika nyedhaki wektu Subuh. Uga supaya ora kesusu anggone sahur saengga bisa ngleksanakake Salat Subuh kanthi tenang.
- Saka aspek jadwal, jadwal imsakiyah isine informasi salat lima wektu, wektu miwiti pasa, lan buka ing wulan Ramadan
Imsak lan Tradisi Salawat Tarhim
Sawetara tradisi lan budaya ing Indonesia kanggo panandha wektu imsak umume dikumandhangake Salawat Tarhim.
Salawat Tarhim yakuwi wacan salawat sing isine puja-puji lan pangurmatan marang Nabi Muhammad SAW.
Salawat Tarhim biasane dikumandhangake sadurunge adan Subuh utawa wayah imsak ing masjid-masjid lan musala.
Tujuan dikumandhangake Salawat Tarhim kanggo ngelingake umat Islam yen wektu sahur wis meh rampung.
Uga kanggo ngelingake umat Islam wektu pungkasane Salat Bengi lan wis arep mlebu wektune Salat Subuh.
Sejarah Salawat Tarhim Wayah Imsak
Miturut sejarahe Salawat Tarhim iki klebu durung suwe alias durung ana ing jaman para nabi, sahabat utawa wali ing Indonesia.
Salawat Tarhim diciptakake Syekh Mahmud Khalil Al-Hussary, salah siji qari utawa pamaca ayat suci Alquran saka Mesir.
Syekh Mahmud Khalil Al-Hussary uga dikenal minangka Ketua Jam'iyyatul Qurra, organisasi pangapal Alguran ing Kairo, Mesir.
Salawat Tarhim sengaja diciptakake Syekh Mahmud Khalil Al-Hussary ing taun 1959 nalika teka menyang Indonesia.
Salawat Tarhim kapisan direkam ing Studio Lokananta, Surakarta (Solo), kanthi swara asline Syekh Mahmud Khalil Al-Hussary.
Salawat Tarhim kapisan dipopulerake taun 1960-an liwat Stasiun Radio Yasmara (Yayasan Masjid Rahmat) Surabaya.
Nganti saiki, meh kabeh stasiun radio uga stasiun televisi nggiyarake Salawat Tarhim minangka panandha Imsak, mligine ing wulan Ramadan. (*)
Editor : Satmiko Supraptono