JAWA POS RADAR MADIUN – Akeh umat Islam ing Indonesia sing kerep krungu swarane nanging ora kenal karo priyayine.
Saben dina ing wulan Ramadan, persise wayah imsak utawa sadurunge adan Subuh, swarane nggawe gemetere ati sing ngrungokake.
Meh saben stasiun radio lan sabagean televisi uga masjid ing Indonesia ngumandangake Salawat Tarhim wayah imsak wiwit tahun 1960.
Jebule Salawat Tarhim iki sengaja diciptakake Syekh Mahmud Khalil Al-Hussary nalika namu menyang Indonesia ing taun 1959.
Malah sing ngumandhangake uga Syekh Mahmud Khalil Al-Hussary dhewe lan kapisan direkam ing Studio Lokananta Surakarta (Solo).
Salawat Tarhim kapisan dipopulerake taun 1960-an liwat Stasiun Radio Yasmara (Yayasan Masjid Rahmat) Surabaya.
Syekh Mahmud Khalil Al-Hussary (17 September 1917 – 24 November 1980), kondhang minangka qari (palantun Alquran) saka Mesir.
Tokoh iki uga kondhang minangka qari kang kapisan ing donya sing bisa maca Alquran kanthi pirang-pirang variasi gaya.
Tokoh iki duwe gelar Al Maqari (gurune para qari), jalaran gaya macane dadi rujukan para qari meh saindenge donya.
Saliyane kuwi, uga kondhang kanthi gaya macane Alquran kang kalem, tenang, duwe nyawa, lan kebak panghayatan. Saengga bisa menehi dampak kang cukup gedhe kanggo ngembange Alquran ing donya Muslim.
Wiwit cilik Syekh Mahmud wis nresnani Alquran. Kuwi dibuktekake kanthi apal 30 juz Alquran ing umur kira-kira 10 tahun.
Kuliah ing Universitas Al Azhar, Mesir, jurusan Studi Alquran lan Qiraat nganti entuk ijasah Qira'ah al-Asyr (Qira'ah Sepuluh Riwayat).
Sawise lulus, Syekh Mahmud miwiti karire. Ing taun 1944 dadi qari Forum Alquran Al Karim Mesir lan digiyarake ing saindenge Mesir.
Jalaran macane Alquran kang fasih banget lan endah, mula Syekh Mahmud cepet kondhang ing masyarakat amba, mligine Muslim.
Taun 1957 dadi juru seleksi para qari ing Mesir. Taun 1960 dadi korektor Alquran sing diterbitake lembaga duweke Universitas Al Azhar.
Ing tahun 1960 uga, Syekh Mahmud diangkat dadi Guru Besar Bidang Studi Alquran ing Mesir. Isih ing taun 1960 Menteri Wakaf Mesir ngutus Syekh Mahmoud ngrekam 30 juz Alquran.
Nganti kira-kira taun 1970-an, Syekh Mahmud ditetepake minangka wong kapisan sing ngrekam lantunan ayat suci Alquran.
Sasuwene kuwi, Syekh Mahmud ngrekam Alquran kanthi riwayat (gaya) Hafs, Warsy An-Nafi’, Qalun ‘An Nafi’, lan ad-Duri ‘An Abi Amr.
Sawise nganglang buwana ngenalake Alquran, Syekh Mahmud Khalil Al-Hussary wafat jalaran lara ing dina Senen, 24 November 1980.
Maca Alquran pungkasane ing ngarep umum nate ditindakake ing Kakbah, Makkah, lan Masjid Nabawi, Madinah, Arab Saudi. (*)
Editor : Satmiko Supraptono