JAWA POS RADAR MADIUN – Libur Lebaran utawa Idul Fitri alias riyaya pancen nyenengake tumrape bocah-bocah.
Nanging yen preine kedawan lan kurang kagiatan kanggo ngisi liburan malah ndadekake bocah aras-arasen utawa waleh neng omah.
Kapethik saka laman Solo Balapan, iki rekomendasi kagiatan sing bisa ndadekake bocah aktif, kreatif, lan seneng sasuwene libur Lebaran.
- Dolanan Tradisional
Ngenalake bocah karo dolanan tradisional kaya engklek, gobak sodor, kelereng, utawa lompat tali. Saliyane nyenengake, dolanan tradisional bisa nglatih katrampilan motorik lan interaksi sosial bocah-bocah.
- Nggawe Karya DIY (Do It Yourself)
Ngejak bocah nggawe kreasi kanthi kagiatan DIY. Kaya nglukis, nggawe kartu ucapan Lebaran, utawa ngronce origami. Iki bisa ningkatake kreativitas lan menehi aktivitas kang nyenengake.
- Olah-Olah Bareng neng Pawon
Nglibatake bocah ing aktivitas ngolah panganan sederhana, kaya nggawe kue Lebaran, puding, utawa ngias cookies. Iki bakal dadi pengalaman nyenengake uga ngajari katrampilan dhasar masak.
- Piknik Kulawarga ing Plataran utawa Taman Cedhak Omah
Yen ora ana rencana lelungan adoh, piknik neng plataran omah utawa taman kota bisa dadi pilihan. Bisa nggawa panganan favorite bocah lan ngejak nikmati hawa seger sinambi dolanan.
- Maca Buku utawa Dongeng Bareng
Nggunakake wektu liburan kanggo ngenalake bocah buku-buku crita uga migunani. Wacakake dongeng sadurunge turu utawa njaluk bocah-bocak nryitakake meneh kisah favorite.
- Nonton Film utawa Animasi kanthi Tema Lebaran
Pilih film kulawarga sing nggawa pesan moral positif utawa animasi kanthi tema Lebaran. Iki bisa dadi hiburan uga media pasinaonan tumrape bocah-bocah.
- Menyang Kebun Binatang utawa Wisata Edukasi
Yen mungkinake, ngejak bocah menyang kebun binatang, museum interaktif, utawa taman bermain edukatif bisa menehi pengalaman anyar kang nyenengake lan nambah ilmu.
- Ngajarake Nilai Kabecikan liwat Kagiatan Sosial
Ngejak bocah andum marang sapadha-padha, kaya mbyantu andum panganan kanggo tangga teparo, nyumbang klambi, utawa andum takjil kanggo sing mbutuhake. Iki bakal ngajarake empati wiwit dini.
- Mbangun Beteng utawa Omah-omahan ing Njero Omah
Selimut (kemul), bantal, lan kursi bisa dienggo nggawe beteng cilik ing njero omah. Bocah bisa dolanan utawa maca buku neng njerone, iki bisa nggawe swasana nyenengake.
- Petualangan neng Alam
Yen mungkinake ngejak bocah dolan menyang alam, kaya mlaku-mlaku ing padesan, neng kali cilik, utawa ngeksplorasi plataran omah kanthi aktivitas nnyenegake. Kaya golek serangga utawa nandur tanduran cilik. (*)
Editor : Satmiko Supraptono