Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Kuliner Nyamleng, Pingin Nyoba Rasane Daging Kidang? Sategedhe Pasar Minggir Sleman Yogyakarta Panggonane

Satmiko Supraptono • Sabtu, 22 Maret 2025 | 22:00 WIB
MANTEP: Sategedhe Menjangan Pasar Minggir, Sleman. (DOKUMEN/RADAR JOGJA)
MANTEP: Sategedhe Menjangan Pasar Minggir, Sleman. (DOKUMEN/RADAR JOGJA)

SLEMAN, Jawa Pos Radar Madiun – Sate pitik (ayam), wedhus (kambing) utawa sapi wis lumrah ing donya kulineran.

Yen pingin nikmati kulineran sate sing nyleneh, Sategedhe Pasar Minggir, Sleman, Yogyakarta, rekomendasi dicoba.        

Beda karo warung sate lumrahe sing nyedyakake daging  pitik, wedhus utawa sapi, restoran iki nyedyake daging kidang (rusa).

Ora mung dadi sate, daging kidang utawa menjangan uga diolah dadi maneka menu pilihan istimewa kang nggodha selera.

Daging kidang utawa menjangan duwe cita rasa kas sing beda karo kewan ternak liyane sing daginge bisa diolah lan dikonsumsi.

Tekstur daging kidang luwih lembut lan alus, rendah lemak, lan duwe rasa legi sithik sarta gurih.

Jalaran kaunikane, akeh pecinta kuliner sing penasaran kanggo ngincipi suguhan kanthi bahan dhasar daging kidang iki.

Sategedhe Pasar Minggir ngolah daging menjangan kanthi teknik pamanggangan kusus sing ndadekake tetep juicy lan kebak rasa.

Kanthi bumbu rempah-rempah kas, sate menjangan disajekake karo bumbu kacang utawa kecap, gumantung selera konsumen.

Minangka suguhan kuliner eksklusif lan istimewa, saporsi sate menjangan dibanderol kanthi rega wiwit Rp 150.000.

Rega iki sabandhing karo pengalaman kuliner sing disuguhake. Apameneh daging kidang ora gampang ditemokake ing pasaran.

Olahan liyane, kaya kari tulang (balungan) menjangan, menu kanthi kuwah rempah iki cocog dinikmati karo sega anget.

Uga ana nasi goreng menjangan, menu kas kanthi rasa kang luwih gurih lan gandane kang nggodha selera.

Sate klathak kas Yogyakarta sing dibakar karo sunduk wesi lan nggunakake bumbu sederhana nanging nyamleng uga ana.

Sate Tegal lan sate bumbu kecap bisa diadi pilihan alternatif kanggo sing pingin nyoba variasi sate liyane.

Sategedhe Pasar Minggir uga nyedyakeke maneka omben kas Indonesia. Kaya es selendang mayang, es doger, es teler nganti bir pletok.

Sategedhe Pasar Minggir manggon ing Plombangan, Sendangagung, Kecamatan Minggir, Kabupaten Sleman, Yogyakarta.

Jarake saka punjere Kota Yogyakarta kira-kira 19 kilometer, saengga cocog kanggo sing pingin ngendani ramene kutha.

Saliyane menu-menu istimewa, restoran iki uga ngusung konsep tradisional kanthi swasana kang asri, tenang lan nyaman.

Pamandangan sawah sekubenge restoran tansaya nambahi kesan alami kang ndadekake pengalaman kulineran nyenengake.

Sategedhe Pasar Minggir bukak saben dina wiwit jam 11.00 nganti jam 21.00. Cocog kanggo mangan awan lan bengi. (*)

Editor : Satmiko Supraptono
#yogyakarta #rusa #Rekomendasi #kuliner #sate #madiun #sleman #menjangan