Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Info Penting! Museum Gunung Merapi Sleman Dibukak Meneh Sawise Tutup Rong Taun jalaran Covid-19

Satmiko Supraptono • Minggu, 23 Maret 2025 | 19:00 WIB
SEJARAH: Museum Gunung Merapi ing Kabupaten Sleman. (DOKUMEN/RADAR JOGJA)
SEJARAH: Museum Gunung Merapi ing Kabupaten Sleman. (DOKUMEN/RADAR JOGJA)

SLEMAN, Jawa Pos Radar Madiun  – Wiwit 27 Desember 2024 wingi Museum Gunung Merapi dibukak meneh kanggo masyarakat umum.

Kuwi sawise rong taun tutup jalaran kena dampak pandemi Covid-19. Ora mung dibukak meneh, nanging uga ana renovasi sing diragati saka Dana Keistimewaan (Danais).

Kapethik saka laman Radar Jogja, bab iki dikonfirmasi Paniradya Pati Paniradya Kaistimewan DIJ Aris Eko Nugroho ing Rembag Keistimewaan wingi (20/3).

‘’Museum Gunung Merapi minangka bagean kaistimewaan Jogja sing klebu salah siji komponen sumbu imajiner,’’ kandhane.

Gunung Merapi klebu sumbu imajiner sisih lor lan ing sisih kidul ana laut kidul utawa Pantai Parangkusumo.

Loro sumbu imajiner Jogjakarta iki padha-padha duwe museum. Yakuwi Museum Merapi lan Museum Gumuk Pasir.

Malah uga muncul wacana kanggo mbangun Museum Gempa Jogja sing isih dadi rembugane pirang-pirang pihak.  

Kanthi anane museum iki bisa dadi daya tarik masyarakat kanggo sinau kanthi cara sing asik  utawa nyenengake.

Museum Gunung Merapi iki ana ing satuan ruang strategis (SRS) saengga ekosistem sing ana tansah dijaga.

Ngadege Museum Gunung Merapi iki asil kerja bareng akeh pihak. Wiwit pemerintah pusat, Pemkab Sleman lan Pemprov DIJ.

Gunane supaya masyarakat weruh lokasi tujuan yen pingin sinau babagan sing ana sesambungane karo Gunung Merapi.

Sejarah ana neng kono, simulasi-simulasi lan instalasi ing museum bisa kanggo ngrasakake kadadean ing Gunung Merapi.

Kepala  Dinas Pekerjaan Umum, Perumahan, dan Kawasan Permukiman (DPUPKP) Sleman Mirza Anfansury uga menehi katerangan.

Miturut dheweke, wiwit tutup suwene rong taun, ana pirang-pirang kerusakan. Saengga ngaruh ing tingkat kunjungan wisatawan.

Masalah kuwi wis ditangani kanthi kucuran danais sing dicairake ing 2022 Rp 6 milyar lan 2024 wingi Rp 5 milyar.

‘’(Renovasi) wis kita leksanakake. Desember 2024 wing wis rampung kabeh lan bisa digunakake meneh,’’ jarene.

Sawetara Edukator Museum Gunung Merapi Rochmad Kurniawan nyebutake museum iki nyimpen 100 luwih koleksi utama lan pendukung.

Koleksi utama arupa watu sing dijupuk saka Gunung Merapi saka endapan awan panas, batuan lava, bom gunung api lan liyane.

Watu Gunung Merapi duwe karakter sing beda karo gunung api liyane. Watu Gunung Merapi jinise andesit basaltis.

Saliyane koleksi watu, uga ana foto-foto  jaman biyen. Pirang-pirang foto dijupuk ing taun 1900-2010.

Miturut sejarahe, wiwit jaman kolonial Belanda Gunung Merapi iki pancen wis dadi objek panelitian.

‘’Pitung puluh persen pengunjung pelajar, wiwit dibuka meneh Desember 2024 wingi,’’ Rochmad mungkasi katerangane. (*)

Editor : Satmiko Supraptono
#parangtritis #jogja #dij #Covid-19 #sumbu imajiner Jogjakarta #madiun #sleman #museum #gunung merapi