JAWA POS RADAR MADIUN – Mendoan, salah siji jinis panganan utawa jajanan tradisional iki, wis dikenal masyarakat amba.
Wujud lumrahe, tempe goreng sing diglepungi. Nanging jebule, ora kabeh tempe goreng sing diglepungi bisa diarani mendoan.
Kususe yen ngrembug babagan kuliner mendoan kas Banyumas, Jawa Tengah. Jalaran mendoan Banyumas pancen beda kelas.
Jeneng mendoan asale pancen saka tembung basa Banyumasan "mendo" sing tegese lembek (lemes) utawa setengah mateng.
Tembung iki nggambarake cara nggoreng tempe mendoan sing mung sedhela, saengga asile tetep lembek lan ora nganti garing.
Mendoan uga wis dadi kuliner kas neng Banyumas sing kawitane kanggo camilan kanca nyruput teh utawa kopi.
Saliyane mung camilan, uga akeh sing ngonsumsi mendoan minangka lawuh bareng mangan sega.
Kairing wektu, mendoan tansaya populer lan dadi ikon kuliner Banyumas sing disenengi wong akeh.
Kapethik saka laman Radar Jogja, iki pirang-pirang katerangan babagan mendoan Banyumas.
Mendoan Banyumas iki unik jalaran digoreng setengah mateng, alias isik lembek lan lembut nalika digeget.
Beda karo tempe goreng glepung biasa sing kriuk njabane, mendoan Banyumas luwih lembut, anget, lan lumer.
Mula yen ana mendoan nanging garing, kuwi wis mesthi dudu mendoan asli Banyumas, nanging mudhun kasta dadi “tempe kemul”.
Pilih Tempe Amba, Tipis lan Duwe Pola
Mendoan Banyumas nggunakake tempe kusus sing karan tempe gembus tipis utawa tempe papan lebar.
Tempene diiris amba (kira-kira saukuran epek-epek tangan) lan tipis, dadi nalika digoreng tetep fleksibel lan ora atos utawa garing.
Glepung Dibumboni lan Duwe Tekstur
Adonan glepung mendoan Banyumas ora waton glepung lan banyu. Nanging ana racikan bumbu kas, biasane campuran:
- Glepung tligu lan glepung beras supaya teksture entheng
- Bawang putih lan ketumbar kanggo ganda lan rasa kang kas
- Godhong brambang wajib ana kanggo rasa lan tampilan kang otentik
Saengga lapisan glepunge ora kandel banget nganti kaya kemul nanging kaya duwe tekstur kang pas.
Teknik Kusus nalika Nggoreng
Carane nggoreng mendoan Banyumas ora asal-asalan. Butuh lenga goreng akeh lan kudu panas. Nanging sedhela wae.
Tujuane supaya bagean njabane setengah mateng, nanging njerone isih moist lan juicy. Yen kesuwen nggoreng dadi tempe goreng biasa.
Cara Nyuguhake Tempe Mendoan Banyumas
Mangan tempe mendoan tanpa sambel kecap bebasan langit tanpa lintang. Ing Banyumas, sambele kas:
- Kecap kenthel manis asli (dudu kecap encer)
- Lombok belis abang diuleg kasar supaya ana sesnsasi pedhes
- Kadhangkala ditambah rajangan brambang kanggo nambah gandane
Kuwi kabeh sing ndadekake mendoan kas Banyumas beda karo ing tlatah liyane. Sanajan ing tlatah liyane uga ana. (*)
Editor : Satmiko Supraptono