Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Sejarah Kota Batu sing Dijuluki Swiss Cilik saka Jawa, Biyen Papan Paleremane Kulawarga Keraton Medang

Satmiko Supraptono • Senin, 24 Maret 2025 | 16:00 WIB
ISTIMEWA: Alun-alun Kota Batu. (DOKUMEN/RADAR BATU)
ISTIMEWA: Alun-alun Kota Batu. (DOKUMEN/RADAR BATU)

KOTA BATU, Jawa Pos Radar Madiun – Kota Batu kondhang minangka salah siji jujugan wisata favorit ing Jawa Timur. 

Kutha cilik ing tlatah Malang Raya iki duwe sejarah dawa wiwit jaman kerajaan Jawa kuna sing duweni wewengkon ing tlatah kene.

Kota Batu manggon ing tlatah dataran dhuwur. Kira-kira wiwit 700 nganti 1.700 meter di atas permukaan laut (mdpl).

Mula lumrah yen hawane sejuk (seger). Saliyane kuwi uga duwe pamandangan alam kang menarik kanggo dinikmati.

Wiwit abad ka-10, tlatah iki dadi panggonan ngaso (palereman) kanggo kulawarga Keraton Medang ing Jawa Timur.

Mpu Sindok, raja wektu kuwi, ngutus Mpu Supo supaya golek panggonan  ngaso ing pagunungan sing cedhak sumber banyu.

Sawise nggoleki panggonan sing dikekarepake, Mpu Supo nemu papan sing saiki dikenal minangka kawasan Wisata Songgoriti.

Neng papan iki, Mpu Supo banjur mbangun panggonan palereman utawa ngaso lan candhi kang uga karan Candi Supo.

Sumber banyu sing ana digunakake ngumbah gaman pusaka sekti keraton, saengga konon ndadekake banyune malih panas.

Sumber air (banyu) panas kuwi isih ana nganti tekan saiki lan dadi daya tarik wisatawan ing Songgoriti.

Sawetara asal-usul "Batu" saka ulama pandhereke Pangeran Diponegoro sing jenenge Abu Ghonaim alias Kyai Gubug Angin.

Kanggo ngendhani burone prajurit Belanda, dheweke lan para pandherek liyane ngolah-ngalih nganti tekan Gunung Panderman.

Neng papan iki, Kyai Gubug Angin banjur babat alas lan miwiti urip anyar sawise Perang Jawa (nglawan Belanda) rampung.

Masyarakat kene nyebut Kyai Gubug Angin kanthi timbalan Mbah Wastu. Sing banjur dicekak dadi Mbah Tu, Mbatu, utawa Batu.

Ing jaman kolonial Belanda, kaendahan lan hawa segere Kota Batu dadi daya tarik para bangsa saka Eropa.

Akeh wong Belanda sing mbangun omah kanggo ngaso ing tlatah kene. Nganti saiki akeh bangunan tinggalan Belanda kuwi.

Wektu kuwi Kota Batu dijuluki "De Kleine Zwitserland" utawa "Swiss Cilik ing Pulo Jawa" jalaran memper karo lanskap Swiss.

Kota Batu uga kondhang jejuluk "Kota Apel" jalaran woh  apel dadi komoditas perkebunan utama ing tlatah iki.

Kutha iki uga karan "Kota Agropolitan" jalaran lemahe kang subur ndhukung ngembange pertanian kang kuwat.

Kota Batu kawitane minangka bagean saka Kabupaten Malang sing ditetepake minangka kota administratif ing 6 Maret 1993.

Banjur ing 17 Oktober 2001, Batu resmi dadi kota otonom utawa ngadeg dhewe sing kapisah saka Kabupaten Malang.

Nganti saiki Kota Batu terus ngembang minangka kutha kang dadi destinasi wisata unggulan ing tlatah Jawa Timur.

Pirang-pirang objek wisata ana neng kene, wiwit taman rekreasi, desa wisata, nganti museum sing bisa dadi jujugane wisatawan.

Kaendahan alam lan budaya uga sejarahe ndadekake Kota Batu minangka pilihan kang cocog kanggo destinasi plesiran.

Saliyane nikmati destinasi wisata modern, uga bisa nambah wawasan kanthi nlusuri jejak sejarah kutha iki. (*)

Editor : Satmiko Supraptono
#swiss #songgoriti #apel #wisata #belanda #jawa timur #madiun #malang raya #favorit #kota batu #diponegoro