Nasional Kota Madiun Kab. Madiun Ngawi Magetan Ponorogo Pacitan Internasional Olahraga Gaya Hidup Hiburan Jual Beli

WARTA JAWA | Info Penting! Kota Batu Diprediksi Macet wiwit H+2 nganti H+7 Lebaran, Ati-Ati lan Waspada

Satmiko Supraptono • Senin, 24 Maret 2025 | 19:00 WIB
ATI-ATI: Salah siji titik rawan macet ing Kota Batu. (DOKUMEN/RADAR MALANG)
ATI-ATI: Salah siji titik rawan macet ing Kota Batu. (DOKUMEN/RADAR MALANG)

KOTA BATU, Jawa Pos Radar Madiun – Kota Batu kondhang minangka salah siji jujugan wisata utama ing Jawa Timur.

Ing libur Lebaran 2025 utawa Idul Fitri 1446 H iki, diprediksi bakal ditekani wisatawan saka pirang-pirang daerah liya.

Fenomena iki wis lumrah saben taun. Jalaran neng kutha iki akeh objek wisata wiwit modern, wisata alam, agrowisata nganti sejarah. 

Mula kanggo mesthekake kanyamanan lan kaamanan wisatawan, Polres Batu wis nyiyapake samubarange.

Polres Batu ngleksanakake Apel Gelar Pasukan Operasi Ketupat Semeru 2025 ing alun-alun Kota Batu, Kemis (20/3)

Operasi iki tujuane kanggo ngamanake parayaan Idul Fitri 1446 H ing wewengkon hukum Polres Batu.

Kapethik saka laman Radar Batu, Kasatlantas Polres Batu AKP Kevin Ibrahim menehi katerangan bab kasiyapane.

Dheweke mrediksi puncake kunjungan wisatawan bakal kadaden ing  H+2 Lebaran, yakuwi ing tanggal 2 April 2025. 

Pihake mrediksi wiwit tanggal 2 nganti 7 April bakal dadi puncake masyarakat sing wisata ing Kota Batu lan sakubenge.

Sawetara jinis kendaraan sing bakal ngebaki dalan-dalan Kota batu saliyane kendaraan pribadi rodha papat uga bis pariwisata.

Miturut Kevin skema pangaturan lalu lintas (lalin) ora beda karo  Operasi Lilin ing perayaan Natal dan Tahun Baru (Nataru) wingi.

Jalaran skema pangaturan lalin wektu kuwi dibiji cukup efektif kanggo ngudhari kapadhetan lalu lintas ing Kota Batu.

Rekayasa lalin bakal dijupuk yen ana kapadhetan ing prapatan Arhanud, Pesanggrahan, lan protelon taman makam pahlawan (TMP).

Pola-pola manajemen lalin kaya salah sijine ngalihake arus sawetara, saengga ora nganti kadadean macet dawa.

Loro skema rekayasa lalin wis disiyapake kanggo nangani mbludake volume kendaraan. Yakuwi sistem pasang-surut lan one way.

Pasang-surut bakal ditrapake ing protelon Pendem nganti protelon Jalan Dewi Sartika kanthi pola telu jalur munggah lan siji mudhun.

Yen panggah durung bisa ngudhari, sistem one way utawa searah bakal ditrapake  saka arah Pendem nganti Jalan Dewi Sartika.

Kendaraan sing bakal ngliwati protelon Pendem bakal dialihake liwat Jalan Ir Soekarno.

Kendaraan saka Kota Batu tumuju Surabaya bakal diarahake liwat Jalan Wukir ing sisihe Batu Town Square (Batos).

Sawetara kendaraan sing arep tumuju Kota Malang bakal dialihake liwat Jalan Oro-Oro Ombo.

Saliyane kuwi, kanggo nyuda kamacetan, kendaraan gedhe kaya trek ora entuk operasi wiwit tanggal 24 Maret nganti 8 April 2025. (*)

Editor : Satmiko Supraptono
#lalu lintas #wisata #idul fitri #lebaran #wisatawan #rekayasa #jawa timur #madiun #kota batu