KOTA BATU, Jawa Pos Radar Madiun – Plesiran utawa wisata menyang ngendi wae kurang afdol tanpa oleh-oleh kas.
Semono uga nalika plesiran ing Kota Batu, Jawa Timur. Ora mung Apel Batu sing wis kondhang, naging uga isih akeh oleh-oleh kas liyane.
Kapethik saka laman Radar Batu, iki rekomendasi oleh-oleh kas Kota Batu wiwit maneka panganan nganti barang.
- Apel Batu
Kota Batu kondhang minangka 'Kota Apel', apel asli saka pertanian Kota Batu duwe cita rasa legi seger lan teksture renyah.
Ana loro varitas sing populer. Yakuwi apel ‘ana’ sing wernane semburat abang kanthi rasa legi lan kecut sithik, uga apel ‘manalagi’ sing wernane ijo polos lan padhang kanthi rasa legi.
- Kripik Apel
Ora mung woh apel seger nanging uga olahan kanthi bahan dhasar apel sing bisa dadi alternatif, yakuwi kripik apel.
Daging woh apel sing diiris tipis banjur digoreng renyah bisa dadi camilan kanthi rasa legi alami lan tekstur kang nggodha.
- Sari Apel
Saliyane woh seger lan kripik, apel Batu uga diolah dadi omben seger arupa sari apel sing nyegerake.
Omben iki nyuguhake cita rasa legi seger sing cocok kanggo omben kanggo nyandhingi suguhan camilan.
- Jenang Apel
Inovasi unik olahan apel Batu liyane yakuwi jenang (dodol) apel, campuran antarane jenang tradisional karo rasa apel kang kas.
Teksture sing kenyal lan rasa leginya sing unik ndadekake oleh-oleh kang patut digawa mulih sawise plesiran neng Kota Batu.
- Ladu
Ladu iki minangka kuweh tradisional kas Kota Batu sing bahane saka ketan lan gula abang (Jawa). Teksture kenyal lan rasa legi kas.
Ladu kerep didadekake simbol utaka cekakan saka tetembungan 'langgeng seduluran' alias paseduluran kang abadi.
Nggawa ladu minangka oleh-oleh bisa dadi simbol pangarep-arep sesambungan kang harmonis ing kulawarga.
- Kripik Tempe
Kripik tempe kas Kota Batu duwe cita rasa gurih lan renyah. Bahane saka irisan tempe tipis sing digoreng nganti garing, cocok kanggo camilan utawa lawuh kapan wae.
Kripik tempe uga bisa dadi kanca kang sampurna nalika kumpul bareng kulawarga lan sanak kadang uga kanca-kanca.
- Layah utawa Cowek Watu
Saliyane panganan, Kota Batu uga kondhang kanthi kerajinan layah utawa cowek watu (dudu gerabah utawa lempung).
Layah (cobek) kas Kota Batu digawe saka watu alam kang duwe kuwalitas sing lumrah digunakake kanggo piranti pawon.
Oleh-oleh layah watu ora mung fungsional alias migunani nanging uga duwe nilai estetika kang dhuwur. (*)
Editor : Satmiko Supraptono